SAMSON & DHELILA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1CpWzqPrej/

Kacarita Samson kang duwe karosan luwih katandhing wong-wong liyane ing sawijining tlatah negeri Timur Tengah. Jalaran karosan lan kadigdayane iku Samson ora disenengi panggedhene negara.

 

Kocapa, Samson kasmaran marang sawijining wanita jenenge Dhelila. Dening panggedhene negara, Dhelila diprintahake ngglembuki Samson kepriye rekane bisa nyumuruipi wewadi kadigdayane Samson. Panggedhene negara anjanjeni marang Dhelila bakal menehi opah keping emas salaka cacahe akeh.


Nganti ambal kaping telu Samson menehi katerangan wadi kang tansah dikeker njarag kaklerokake (klawan ngapusi) marang Dhelila. Dhelila ora mutung, tetep kukuh kaya sakukuhe karosane Samson, adreng banget anggone bisa oleh wadine Samson. Nganti Dhelila ngrekadaya andakwa yen Samson lelamisan olehe nresnani Dhelila. Dhelila ngrengek-ngrengek suwene, nganti Samson ora tega lan kepilut wujuk (bujuk rayu) nuli lena keprucut yen kekuwatane ana ing rambute bajang (rambut dawa ora dicukur wiwit lair).


Ing sawijining wengi Dhelila ngarih-arih Samson mbujuk supaya gelem sare ing pangkone Dhelila. Dhelila wus samapta kanthi nekakake para utusan panggedhene negara lan menehi sasmita murih mangkas lan nyukur rambute Samson sing dawa iku. Sanalika Samson koncatan saka karosane, banjur dibesta/dibanda lan karangket/dipala rame-rame.


Eliding crita kang bisa kapethik;

Kita bisa tumiba ing bilahi amarga kaluputan, katledhoran, lan kurang kaprayitnan, contone gampang kapilut iming-iming nampa beselan nalika ngadhepi sawijining prakara (timindak korupsi sing sajak wus mratah ing kalangan pamonge negari).

Prayoga samangsa kita ngadhepi momotaning urip aja lena, aja lepya twin aja nilarake pitulungane Gusti Allah sumbering kakuwatan sejati..... Aa_aamin 🙏


JM, gagat bangun, 08526

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG