SUMÅNGGÅ SAMAPTÅ ING KARYÅ
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/18H3nAXKnm/
Lah, panène jêmbar mosak-masik
n'ging kang dêrêp mung sêthithik.
Oo.. kåncå, månggå samyå tumandang,
mumpung maksih pinaringan gêsang.
Gyå tumandangå andêrêpi kangèlane dadyå kabungahane
gyå tumandangå andêrêpi panène jêmbar, nadyan kang dêrêp sêthithik.
Sumånggå makaryå prå abdine Gusti
martyakên kabar adyå nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang limêng ing driyå
samyå manggih pêpadhang sanyåtå.
Sumånggå samaptå ing karyå
mbangun karyå mbangun pråjå
abõt-ènthèng dadyå prasåjå
krånå sih pêparing nugråhå.
~ gagat bangun, 27526 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar