PATRAP DIWASA SACARA ROHANI

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18kePGMqEM/

Boten saged denselaki dene dumadining pepadon rebat leresipun piyambak mratandhani boten diwasanipun jiwa pangraosing driya.

Patrap diwasa sacara rohani/mental boten gampil mèri, drengki utawi gumunggung. Sejatosipun sadaya manungsa punika samidene ing ngarsanipun Gusti jalaran sanggyaning umat punika kagunganipun Gusti Allah.


Priyantun kang anuju mindhaking kamajengan sacara rohani ketingal wonten ing patrap solah bawanipun, ageng kesabaranipun, jembar wawasan lan gagasanipun, adamel raos tentrem dhateng tiyang kathah lsp. Kejawi punika tiyang makaten boten gampil kagèndèng prabedan ing satengahing pasrawungan masarakat. 


Priyantun ingkang gadhah patrap makaten tansah nengenaken raos rukun nadyan tugas kewajibanipun beda. Anggadhahi jiwa kawicaksanan titis anggenipun ndhawahaken panetepan sacara adil. Lah, patrap pribadi kang kadya makaten punika ingkang cocok dados pamong lan panutan masarakat.

Kadospundi pamanggih panjenengan para kadang, ngengingi para padheganing nagari, klebet para pepucuking pakempalan dhemokrasi? Punapa sampun cocok kalihan andharan idhaman ing ngajeng? Nyumanggakaken! 🫴


-- pajar-sidik, 15526 --

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG