ÅYWÅ PÅDHÅ SÊMBRÅNÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GwAAmCzZb/
Åywå pådhå sêmbrånå
ngobat-abitke gapit-irå.
Ngalõr-ngidul ngetan bali ngulõn... judhêg..!
mandhêg jêgrêg..., mõmõtan amblêg... blêêgg..!
Lakune kadyå sêpur kluthuk
megas-megõs kurang prayitnå.
Bisane mung manthuk-manthuk
nora jegõs, agawe gêndrå.
Ayo prå kåncå cancut taliwåndå
sayuk-sayuk rukun ambangun pråjå.
Gyak samêktå urun pikir lan tênågå
kanggo mulyaning nagårå Indonesiå.
JM, gagat bangun, 06526
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar