MUKIDI SALAH NUMPAK WHOOSH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BPnGFkAJn/
Mukidi sowan maneh ing ngarsaning pemaos đ
Mukidi enggalan menyang stasiun arep nunggang sepur Whoosh (kreta cepet Jakarta - Bandung).
Saking dene gugupe wedi yen keri, dheweke nuli mlebu sepur sing lawange menga waton numpak tanpa mriksa bener lan orane.
Lungguh kalem, pasang hedset rumangsa wah/moncer, "Waow.. uripku saiki mulya ngrasake numpak sepur kilat... tingkat Sultan" đ
Sawetara menit candhake.....
Mukidi takon marang panumpang jejere : "Mas, iki dhelok 'kas tekan Bandung ya?"
Penumpang iku bingung: "Bandung??" Iki ngener suwalike, Mas!"
Mukidi kaget : "Hahh..?! Karepe piye ta iki?!"
Penumpang : "Iya... sepur iki wis arep balik arah!" (iki Mukidi numpake seka stasiun Cikarang)
Mukidi terus mbingungi : "Lho kok bisa?! Aku kan niyate arep nyang Bandung!"
Sumaure penumpang jejere kalem, : "Menawa niyate bener, ning langkah mpean salah, Mas.." đ€Łđ€Ł
Mukidi terus menyat nggoleki petugas,: "Mas petugas, aku salah numpak!"
Petugas kalem sareh : "Mengko mudhun stasiun candhake, Pak!"
Mukidi saya bingung : "Stasiun candhake kapan?!" đ
Petugas : "Dhelok meneh, Pak..!"
Durung nganti 4 menit...
Pengumuman : "Kita sedhela meneh tekan stasiun tujuan."
Mukidi mung ndomblong : "Loh, salah numpak ae... lha kok malah cepet tekane?! Trus piye jal nek bener numpake, bisa-bisa lagi nyelehke bokong ngerti-gerti tekan....hihihii" đ€Łđ
Pas mudhun, Mukidi njur nilpun kancane : "Kang... aku kleru numpak Whoosh."
Kancane : "Ya ampuun... trus saiki nang ngendi awakmu?"
Mukidi : "Embuh iki...ning sing cetha .. kesalahanku dirikatake dening tehnologi... lha ya piye jal.. durung kober ngolet lha kok ujug-ujug wis tekan." đ€Łđ
Kancane : ''Coba takona nyang petugas tekan ngendi iki!"
Petugas : "Iki wis tekan Jakarta, Pak!"
"Whadhuh.., arep nang Bandung malah tekan Jakarta." Kancane dikabari ya ngguyu nyekakak đ€Łđ€Ł
Wiwit iku, Mukidi yen arep numpak Whoosh mesthi ujar : "Sing wigati dudu mung cepet... ning uga bener enere... heheheee... rak ya ngono ta?!!" đ«
--nglindur esuk-esuk, 12526--
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar