TUMAPAKING MUJIJAT ING ASPAL KUTHA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ctEQzLM5H/
~nuwun sewu radi panjang cariosipun, boten saged punpunggel awit saged ngicali suraosipun~
Ing wayah sore udane deres banget lan ing sajerone garasi pinggiran kutha, pak Yanto maspadake montor angkot (angkutan kota) tuwa duweke nomer trayek 07 klawan kaca-kaca mripate.
Mesin angkote ora bisa urip, ora mung rusak cilik-cilikan, ning mesine panas banget merga umur mesin wis tuwa lan ora kopen jalaran kekurangan wragad. Kamangka sesuk kudu bayar cicilan bank Rp 2 yuta, yen ora kebayar angkot minangka sumber rejeki kulawarga bakal dibeslah.
"Dhuh Gusti, kawula sampun ngupados sasaged-sagedipun." bisike pak Yanto, "Kawula boten nyuwun sugih, kawula namung nyuwun taksih saged nyambut damel. Dhuh Gusti, nyuwun pitulungan, punabdi Paduka kang sekeng punika."
Dheweke bingung ora duwe dhuwit sasen-sena kanggo menyang bengkel. Jroning nglokro pikirane, pak Yanto tetep ngresiki angkote klawan jroning ati duwe pangarepan, "Yen pancen Gusti ngeparengake, angkot iki kudu siap nampa panunggang langganane." kanthi tetep ngopeni resik-resik lan ngelap kaca angkote.
Wengi iku, pak Yanto mapan turu karo wetenge kroncongan, klawan sumarah kakuwatirane marang Gusti Allah.
Kocapa, esuke udan wis tingkas, pak Yanto tangi kanthi tipis pangarepane.
Dheweke nyoba nguripke mesine. Krèk... krèk... tetep mbegogok ora gelem urip. Atine krasa remuk, dheweke lungguh ing kursi supiran. Tuwin ndedonga sepisan maneh,
"Bilih punika boten ingkang Paduka karsaaken, kepareng kawula kaparingan kekiatan. Dene menawi Paduka kagungan karsa rancangan sanes, kepareng Paduka maringana kauningan sayektos margi gampil."
Dumadakan, keprungu swara thothokan kaca jendhela. Ana priya setengah sepuh jas-jasan neces ngadeg ing kono, lan pak Yanto ora kenal babar sisan..
"Pak, nuwun sewu ngganggu. Kula migatosaken Bapak kawit wau lenggah ing supiran angkot ning angkot boten gesang. Menapa Bapak nembe nengga tiyang?", pitakone priya iku trepsila.
Pak Yanto mudhun njur nerangake apa sabenere, "Pangapunten, Pak. Angkot kula risak. Kula boten saged nglampahaken dinten menika. Kula nembe bingung lan judheg pados wragad kangge mbengkelaken."
Priya iku manthuk alon. Mripate katon nyureng ning adhem rasane. "Kula Hendra!" karo nyalami pak Yanto, bacute, "Kula menejer oprasional perusahaan logistik ageng ing kawasan industri sisih ngrika. Enjing wau trek pabrik mogok ing ngajeng pabrik jalaran kawontenan tehnis. Kula gadhah pesenan penting sanget kang kedah punkintun dhateng pelabuhan salebeting kalih jam punika, utawi menawi kasep kenging dhendha milyaran rupiah. Supir penggantos dereng dugi."
Pak Yanto ngrungoke kanthi bingung. "Lajeng, gayutanipun kalihan angkot kula menapa, Pak? Angkot kula alit lan pejah mesinipun."
Pak Hendra mesem, "Oh oh, boten ngaten Pak, kula mbetahaken supir ingkang jujur lan nggadhahi tekad ageng. Dokumen Prajanjen wonten nglebet montor dhines kula ingkang boten saged medal kalingan trek".
"Menawi Bapak sagah ngeteraken dokumen dhateng kantor cabang ing pelabuhan samenika ugi mawi ojek utawi taksi kula bayar Rp5 yuta" nanging... pak Hendra karo nyawang angkot iku, njur neruske ujar, "Kula gadhah gagasan ugi, dos pundi menawi Bapak purun angkot niki kula sewa kangge angkutan pegawe kantor kula sasampune di serpis lan didandosi, mangke perusahaan kula sing mbayari bengkele."
"Menawi sarujuk lan purun mangkenipun kula kontrak damel angkut ngeterke lan methuk karyawan pabrik enjing lan sonten."
Pripun, Pak sarujuk lan sanggup boten?"
Pak Yanto dheleg-dheleg, mikir Rp5 yuta jreng tambah janji kontrak wektu dawa??? hemm banget eloke entuk kasunyatan iki.
"Ehh...., Kenging menapa, Pak? rak kathah supir ing ngriki?", pitakone pak Yanto sareh.
Pak Hendra mangsuli, "Amargi, nalika kula nggatosaken Bapak saking katebihan 10 menitan wau, bokmenawi tiyang sanes jengkel lan muring-muring montore risak, nanging Bapak malah sabar ngresiki kanthi tlatos kaliyan sumungku ndedonga."
"Ketlatenan lan kesarehan lembah-manah ing satengahing kasusahan menika wujud pangaji moral kang awis-awis. Perusahaan kula mbetahaken tetiyang kang kados makaten, Pak", sambunge pak Hendra.
Klawan tangan gemeteran, pak Yanto nampa pamundhute pak Hendra iku. Dheweke enggalan ngubungi kenalan bengkel, nyilih dhuwit kanggo bayar dherek lan ndandani angkote mawa tanggungan prajanjen gawean iku. Jalaran kejujuran lan nyritakake apa anane, sing duwe bengkel iku percaya lan nyaguhi cara bayar ing mburi.
Dhokumen kasil dikirim pas wektune! Pak Hendra netepi janjine, bayar Rp5 yuta jreng wektu iku uga lan neken layang prajanjen niyat pasarujukan kanggo kontrak angkutan pegawe.
Seminggu sabanjure, angkot 07 tumapaking mujijat wiwit mlaku meneh ngeterke lan methuk pegawe.
Pendhak esuk, pak Yanto tansah sedheku sengkut ndedonga. Dheweke ngrasake dene berkah mujijat iku ora awujud dhuwit tiba saka langit, nanging saka mengane lawang kang winenga dening Gusti nalika tetep satya nglakoni bab bener ing tengahe kasusahan.
Kejujuran, ketlatenan lan iman minangka kunci bukak lawang berkah kang luwih gedhe tinimbang mung ndandani angkot.
Sang supir angkot, sinau nyumurupi dene Gusti ora nate telat lan ambalan bola-bali cara-Ne paring pitulungan iba luwih endah katandhing apa kang bisa kapikir lan kagagas.
Angkot 07, minangka pangemut lamun samangsa lagi ketaman kasusahan, ana tumapaking mujijat kang ngenteni wektu pas kanggo winenga.
- madya raina, 21526 --
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar