KEMLADHEYAN ING PASRAWUNGAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1BthoKDhrc/

Ing salebeting pasrawungan kalamangsa crah utawi regejegan malah tan kanyana panyebabipun saged kadadosan saking para kadang piyambak sacelak kita.

Kita saged mrantasi prakawis ingkang asalipun saking njawi, ananging pasulayan ingkang dumadi wonten ing lebet kita malah asring grogoti guyub rukun lan ndadosaken crah ingkang boten kinarsakaken.


Tiyang-tiyang makaten punika kadyadene jamur utawi kemladheyan (benalu) kang karemanipun damel kisruh ing pasrawungan. Para kadang ingkang kados makaten wontenipun hamung nyadhong pungatosaken lan tansah ngribeti nedya puntumutaken ing samukawis prakawis ingkang ngremenaken utawi adamel begja myang awakipun piyambak datan menggalihaken kapentinganipun ngasanes.

Lamun boten katurutan tega-teganipun adamel gendra ngrerimuk kadang sanes pados bala saprelu ngrisak guyub rukunipun pasedherekan. Rikala tiyang mbetahaken pitulunganipun malah ngumpet. Kosok wangsulipun nalika wonten kadang kang pikantuk kabegjan tiyang punika lajeng maoni, meri lan drengki klawan nglepataken tiyang sanes.


Kawontenan kadya makaten punika ugi sampun jamak ing pasrawungan donyaning pulitik ing negari kita. Sikut-sikutan, adu pamanggih dhebat kusir rebat leresipun piyambak wiwit saking ingkang alus dumugenipun ingkang kasar sami pating sliwer ing ngajeng kita lumantar giyaran tv punapadene medsos. 

Oh... iba mrihatosaken bilih boten saged kandheg samya mawas dhiri saged adamel crah lan bibrahing karukunan bangsa.

 

He para kadang.., emut sesorah, 

"Rukun agawe santosa!, crah agawe bubrah!"

Lan ugi pethikan tembang dolanan kina : đŸŽ¶đŸŽ”đŸŽŒ

Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane

Lila lan legawa kanggo mulyane negara.


Siji, loro... telu, papat 

maju papat-papat

Diulang-ulungake

mesthi enggal rampunge.

....sumangga kalajengaken đŸ«Ž


--bangun enjing, 10526--

         ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG