WERNI-WERNI NAMINING KRETA TURANGGA -- saderma kawruh sapala --
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18WtbCrH6c/
Ing Indonesia kreta turangga/jaran gadhah nami lan cirenipun sowang-sowang.
Ing ngandhap punika wonten cathetan ingkang kaimpun saking maneka werni sumber nami-nami kreta jaran ing dhaerah-dhaerah :
1. Delman (dhelman)
Tlatah: Umum ing Indonesia, utaminipun Jawa, Betawi lan Sumatera.
Kawitanipun nami kapendhet saking asma penemunipun Charles Theodhore Deeleman, insinyur lan ahli irigasi bangsa Walandi
2. Andhong
Tlatah: ing Ngayogja, Sala lan saperangan Jawi Tengah.
Tetenger, Andhong racakipun kreta rodha 4(sekawan) kang asring ugi punginakaken kangge upacara adat utawi wisata.
3. Dokar (dhokar)
Tlatah: Jawi Wetan, mliginipun Surabaya lan Medura.
Kawitanipun kapendhet saking basa Walandi "Dokkar" nelakaken jinis kreta rodha 2(kalih)
4. Bendi (bendhi)
Tlatah: Sumatra Barat, Minangkabau
Tetenger, limrahipun asring punsukani maneka-warni rupaka (hiasan) Minang lan asring punginakaken ing upacara adat kepyakan ningkah.
5. Sado (Sadho)
Tlatah: Sumatra Barat, mliginipun wilayah Pariaman lan sakiwa tengenipun.
Asalipun nami punpendhet tembung "saddle" (pelana)
6. Cidomo
Tlatah: Lombok lan Gili Trawangan NTB.
Asalipun saking tembung Cikar (grobag), Dokar (dhokar) lan Mobil (prahoto) >> Cidomo awujud kreta rodha 3 (tiga).
7. Pedati (Pedhati)
Tlatah: asalipun ing padhusunan ing sawetawis Jawa Tengah/Timur ugi saperangan Sumatra Barat.
8. Nayor / Kahar / Kêrêtêk
Tlatah: Jawa Kilen (Pasundan)
Nayor: aran kang punginakaken ing Sukabumi lan Cibadak.
Kahar: aran ing basa Sunda ateges kreta turangga.
Krêtêk: bokbilih jalaran swanten rodha krêtêk-krêtêk??
-- madya raina, 16526 --
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar