AKU PANGUMBÅRÅ LUNGKRAH

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Dhd8irmPp/

Aku pangumbårå lungkrah ing arcåpådå

Ing nêgri kang daktuju datan ngewå-ewå twin duhkitå.

Ing kånå daktêmõni kadangku kang wus sumêngkå.


Megå mêndhung amanggulku, dalan ndêdêr kêbak êri

Nanging ing ngarêpku daksawang elõking nêgri

Datan êluh tangis, datan sêdhih prå abdi.


Prå titah mêmuji kaAgungan-Nyå

kêkidungan sukårênå têntrêm raharjå salaminyå

bagyå mulyå ing ayunan Gusti Kang Må Wilåså.


-- mapag plêthèke radityå, 19526 --

             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG