NGASAH LANDHEPING DAYA PANGEMUT

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/14eCoCxgD8U/

Tetembungan 'Melawan lupa' ing basa Indonesia asring kita pireng kang mratelakaken pangudi daya ngangkah boten ngesupenaken prakawis ingkang baken lan wigatos. Tuladhanipun gegandhengan kaliyan prakawis sejarah pagesangan pribadi, kulawarga, pengalaman pait utawi manis lan kedadosan-kedadosan ing satengahing masarakat.


Kagem tiyang ingkang klebet kasepuhan (lansia) prelu sanget angudi daya ngangkah boten gampil kesupenan prayogi salah satunggalipun karem/remen maos lan nyerat punapa kemawon ingkang saged punayahi. Krana makaten saged nglelantih/nggladhi pamikir lan ngasah landheping daya pangemut. 

Klawan ajeg datan kendhat mligi ngulinakaken ulah pikir temtu maedahi nyuda gampilipun kesupenan, pikun tumraping kadadosan-kadadosan kang sampun punlampahi.


Sumangga kita wiwiti ngulinakaken damel orek-orekan saking gagasan-gagasan sapala mbaka sakedhik dangu-dangu sangsaya mindhak ganep klawan sregep maos seratan-seratan, maneka warni pawartos ingkang kathah sumebar ing rat-maya. Ancasipun punapa? temtunipun kagem nanggulangi pikun/kesupenan, aran misuwuripun Alzhaimer.


Nuwun sewu, punika boten nggurui nanging saderma ajak-ajakan nggigah kita samya kangge manpangataken wekdal lodhang kang migunani kagem kesehatan badan lan raos-pangraos (mental).


Salam sehat kebak ing semangat! ✊

Salam rahayu đŸ€

Gusti amberkahi... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, parak enjing, 26426

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG