UDAN_NGGAWA_BERKAH
. kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02pZ1P6w5Q3s5SnP2rU5sFQU1UsEhWqZTTBqBR3i5B8KdDTqegRgkCcnP6TqPizGsSl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Ing wekasan iki pendhak sore ngarepake surup asring ana udan deres kaesokake saka langit, para kadang akeh kang wus duwe rancangan werna-werna njur padha ngersula lan gremengan malah nganti ana sing nepsu ora ana juntrunge.
Ing ngisor iki ana carita kang bisa kita semak kanthi permati , mangkene caritane :
Ana sawijining sudagar sugih mulih saka pasar nunggang jaran anggawa ubarampe dodolane sarta sakanthong dhuwit kang dikalungake ing gulune jaran. Dumadakan udan deres kaya kaesokake saka langit nganti sandhangane teles kalebus uga ubarampe liyane klebu kanthonge sing isi dhuwit. Satekane ing tengah ngalas kang sepi, dumadakan ana begal kang gawe kagete kanthi ngathungake bedhil lan tanpa omong apa-apa njur ngunekake bedhile. Ananging apa sing kadadean, amarga bedhile teles kena banyu udan mimise ora bisa mbledhos dadi ya bedhile mejen. Si sudagar tanpa mikir maneh banjur anggebrakake jarane gegancangan mlayu rikat nganti bisa oncat saka begal mau.
Sawuse slamet si sudagar jroning ati ngudarasa : ”Aku iki jan gemblung tenan, nganti muring-muring kodanan saking derese kang sejatine iku kanugrahane Gusti Allah nggawa berkah nganti dadi lan selamete aku ora katrajang mimis bedhile begal mau, coba yen ora udan deres aku bisa tiwas kena mimis bedhile begal mau.”
Sudagar ngrumangsani kaya mangkono njur celathu : “Dhuh Gusti kepareng Paduka paring agunging pangaksama dene kawula ngantos grundelan kalawan ngawon-awon lan ngipat-ipati Paduka”
Piwulang kang bisa kapethik mangkene :
Sanadyan kita manungsa kang lagi nandhang kasusahan utawa bilai, elinga yen kadadean mau Gusti Allah kagungan Karsa liya kang luwih becik tumraping kita, sayogya kalawan tulusing ati tansaha caos sokur ing kahanan apa bae!
Salam tentrem rahayu kang pinangkane saka Gusti Allah, Gusti amberkahi kita samya! Amin Amin đđ
JM, esuk sidhem, 30323
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar