PRIHATIN

 .     kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02tQtTrQHPCsmzXgDuNvT2hsS8kY3LAq2qbXhQDFMnSYKYAT1TNUJxWZjyJgAwgVqnl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


  He para sadulur sadarum dikaya anggon kita padha nyumurupi / ngawuningani bab lelakone kauripan kang gumelar saben dinane ing layar kaca lan rat-maya. Iba mrihatinake!, tansah kapiyarsa tumindak blasar para abdine nagara iya kang wus kapiji dadi panguwasa apadene masarakat liyane kang nembe arep maju ing tandhing pamilihan.

  Marga saka iku kita kudu luwih titi anggon kita nggatekake apa kang wus kita piyarsa, supaya kita ora kentir katut ombak lan ilining banyu.


  Akeh wong padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha sarta kakuwasaan padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, sarwa adigang adigung adiguna, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang pranatane agama, tata krama dalah nagara.


  Padha dieling manawa alam jembar iki pinangkane amarga katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng. Mula ayo kita peperti bebarengan amrih bisaa murakabi tumrap uriping manungsa titahe Pangeran Gusti Kang Maha Agung.


JM, parak esuk, 06323

       ✍ eNPe ✍

     [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN