Mbah KAKUNG 'Potong Rambut'
mBah Kakung - Neng SALON MODERN sebab arep Reunian.
Pelayan : "Ngersakke napa mbah ?"
Mbah kakung : "Ajeng cukur mas, SOALE AJENG REUNIAN ... niki pun dawa selak sumuk."
Pelayan : "Nggih gampil mbah, ning sakderenge rambute dikramasi riyin nggih ben resik."
Mbah kakung : "Pun manut mawon kula mas."
Mbah kakung seneng banget lagi pisan iki dikramasi karo dipijeti sirahe.
Bareng wis rampung....
Pelayan : "Mbah niki rambute simbah pun putih kabeh disemir ireng riyin nggih ... ben ketok mundhak enom melih."
Mbah kakung : "Nggih mas saene mawon kula manut."
Bareng rampung di semir mbah kakung ketok gagah bali enom meneh.
Pelayan : "Terus sakniki simbah ngersakke potong modhel pripun, teng ngriki pun sedaya ahli cukur, sedaya modhel saged mbah."
Mbah kakung : "Kula pengin gundhul mawon ... kersane teng sirah entheng..." đą
Ha ha haaaaa... ayo ngguyu đ€Łđ
mbah mbah ... mbah kakung. đ apa tumon... tiwasane dikramasi nganggo disemir... sidane jaluk gundhul.. đ€Łđ€Łđ
JM, bangun esuk, 10323
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar