KASÊTYAN TANPÅ WATÊS -gurit mapagake rudityå-
Kitå cêdhak, rakêt bangêt,
sarumakête kalpikå klayan jênthik manis,
sarumakête gêlang klayan ugêl-ugêl.
Patut unjal ambêganku kokrungu,
patut kumêdute jantungmu dakrasake,
patut perih sakitku kokrasakake.
Aku pånå lamun dina iki ndika nora nyambangiku,
margå ndikå nora duwe sêdyå,
aku pånå lamun dinå iki panggah lakumu.
Cikbèn aku angantu ing kene,
ing satêngahing ombak kang såyå dhuwur,
ing satėngahing kayêktèn kang sinamar,
ing satêngahing umyêke jagat kang nora kinêndhalèn.
Nadyan aku kasokan kalungkrahan,
aku têtêp satyå angantumu.
🌄🌅🌄🌅
JM, parak esuk, 12323
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar