PANGANGEN DRIYA
Asring kita mrangguli lan ngawuningani dene wong jahat ala kelakuane uripe katon apik-apik bae, malah uripe sarwa sukses. Kosok baline, sering uga kita nyumurupi lan nyipati wong sing katone becik malah ketaman kasangsaran/kaculikan. Ngadhepi kasunyataan iki, ing jroning batin nuwuhake pitakonan apa iya mangkono wong bener lan becik malah oleh kasangsaran lan wong sing jahat ginanjar kabegjan pikoleh berkah?
Pepuletan/geguletan jroning nala iku bisa nuwuhake pamikiran rangu-rangu nepakake kabeneran, kabujuk dening bisikane iblis. Ing kene suwening suwe manungsa banjur kasurung melu tumindak kang ora bener lan nerak tatanan urip.
Lamun ing samengko iki kita ngalami lan rumangsa nandhang kasusahan/suker urip, kamangka wus ngupadi lan tansah urip ing dalan kabecikan kadya apa kang ginaris ing paugeran cundhuk karo pangandikane Gusti, yakin lan pracayaa Gusti kagungan Karsa kang luwih gedhe tumraping urip kita. Sabar lan tetepa pracaya, dene kita bakal nyumurupi lan nampa rancangan-Ne kang endah.
Prayoga kita tumemen ing pandonga nyuwun panuntune Gusti piyambak kasinungan berkah teguh ing iman kapracayan temah bisa tansah lumaku ing dalan kang bener sumimpang saka tumindak blasar nir baya nir sambekala.
Gusti amberkahi... Aminn đ
JM, Ahad esuk, 05323
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar