PEPINDHAN-e DIYAN

   kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02NE2njENZauEKZHDHTpyy4M6CEXE3WnXcqwdmT7WLAqCowV5auFxJ9p46wL78aVxMl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Pranyata ana pangandikane Gusti kang mituduhake mring kita dene samubarang kadadean ing sangisore langit sadhuwure bumi iku wus pinesthi lan mujudake rancangane Gusti kang Akarya Gesang.

  

Ora ana wong nyumed/nyuled #DIYAN (lilin, damar, teplok, senthir) kok banjur ditutupi ing wadhah utawa didekek/didokok/diselehke ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog/dhingklik/cagakan utawa ajug-ajug/centhelan diyan, supaya kabeh wong kang ing jero omah padha bisa ndeleng samubarang krana padhange sorot diyan.

Sabab ora ana barang kasidhem kang ora bakal kasumurupan, 

ora ana wadi kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak/kalingkab.


Mula para duratmaka sing ndhelik mlayu nganti tumeka ing leng semut arepa ing negara manca saprelu sesidheman iya bakal konangan utawa kasumurupan lan bakal enggal bisa dicandhak dening pamong ukum kang duwe wenang.

 

Ana maneh saiki kang lagi kondhang (viral) yaiku prakara sawijining priyagung pamonge praja juru bayar nagari kang nyingkuri bayar pajeg kuwajibane. Ing kono katitik yen ana wadi kang maune siningkur, dijarag utawa ora, kang maune peteng utawa sinamar iya bakal bisa kawiyak kena sorote diyan.

 

Isih akeh conto-conto kedadean kang tundhone pangunthetan kaskayan kanthi nampa besel kanggo ngegulake sawijine 'proyek' dening para priyagung kang kajibah dadi tanggung jawabe. Pangunthetan sinebut korupsi kang kadya wus jamak awit kasrakahaning manungsa, rendhet utawa rikat bakal bisa dibukak/diwiyak dening juru pangadeg ukum.

 

Ayo karana padhange diyan wus sumorot, kita sengkuyung pangadege ukum ambesmi/ambrastha racun masarakat bangsa yaiku KORUPSI !

 

JM, pajar sidik, 08323

      ✍ eNPe ✍

      [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN