KASUGIHAN MUJUDAKE NUGRAHA

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid089FUChcHjwoqphukZEPDcW6E6EXbmF6S4yzg2qHoiDrQKCCAQi6q2Cy7zaGanwN5l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Ora sethithik manungsa uripe amung ngemenake tujuan urip kanthi numpuk bandha donya kang wusanane duwe sipat 'ngabdi' marang kasugihane. 

Pangeran Gusti Allah ora maleri/ngawisi wong sugih kang migunakake kasugihane kanggo kaslametane sapepadha. Ananging samangsa wong owel ora gelem andum rejeki mring liyan iku kang andadekake prakara.


Iya mangkono iku wong banjur srakah nora loma mring sapepadha malah ngangsa terus yen isih kurang apa kang wus diduweni, uripe sarwa nggrangsang. 

La kahanan kaya mangkono iku kang bisa njalari tumindak blasar nora pinuji adreng kepengin nglumpukake bandha kadonyan kanthi ngunthetake kaskayane nagara ya kang kaaran 'korupsi'. 


Wis lali yen kasugihan iku sejatine kanugrahan kang mujudake titipane Gusti Allah supaya bisa kanggo rahayuning urip ing pasrawungan bebarengan asih asah asuh mring sapepadha umate Gusti.


Pranyata dene wong kang ngandhelake lan angel ninggal marang bandha kasugihane mau ngatonake yen bandha kadonyan kadadekake brahala lan bisa gawe bilai uripe ing tembene.  Malah ing wektu samengko iki akeh para panumpuk bandha padha ngatonake kasugihan pamer ing ratmaya rumangsa bombong tumindak ngetrapake macak urip (gaya hidup,Ind.) sarwa wah mubra-mubru. Ora buddhi (sadar,Ind.) yen solah tingkahe natoni atine rakyat cilik kang uripe sarwa prasaja kepara urip papa.


JM, lingsir wetan, 13323

         ✍ eNPe ✍

        [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN