IBA INDONESIA TITISANE SWARGA -dudu mung crita pancen kasunyatan-

  kapriksanan ing https://www.facebook.com/share/p/1FyNQEoTAc/

Kacritakake dening wong ngamanca (plancong/turis) ;


Mangsa Adhem, wancine tumekane salju, ing EROPA & AMERIKA LOR ukuran hawa bisa ngancik - 40°C (mines 40°C), tegese kulkasmu isih luwih anget.


Wektu iku saliring tuwuhan padha mati kejaba cemara. Ya ing wektu iku uga getihmu bisa mandheg dadi es yen kowe metu ing njaba omah tanpa sandhangan sing mligi kanggo mangsa salju. Ing mangsa salju manungsa ora bisa tahan urip tanpa ana prangkat lan tehnologi.

Lan sawayah-wayah bisa tumekane bayubajra(badai) salju kagambarake wong mung bisa tahan ing jero kamar sing ana pemanase (hiter).


Ing negara kang tlatahe segara wedhi (dhaerah Timur Tengah), hawane garing lan panas banget nganti manungsa kang manggon ing kana ngentha-entha ngimpi anane kali sing mili kadya swarga.

Amung ana sawetara wit-witan sing bisa thukul lan urip sajroning hawa panas +/- 40°C. Kringetmu bisa ngabar bebarengan cuweran ing ragamu, mulane kabutuhan warih/banyu mujudake kanggo urip matine manungsa, bener-bener dudu lenga.


Aku sedhih, ujare wong ngamanca mau, nalika ana wong kang isih durung pracaya lamun sejatine Indonesia iku "Sempalan/pugutan Swarga"

Bisa sinebut mangkono, jalaran coba panjenengan ngagem clana cendhak, kaosan lan sandhal jepit mlaku-mlaku ing Kanada utawa ing kutha-kutha Eropa liyane wektu mangsa Salju bisa methotholen nganti mati kadhemen. Suwalike ing negara Timur Tengah bisa kejet-kejet kepanasen.

 

Ing Indonesia kene, kapan bae awan utawa bengi panjenengan bisa mlaku-mlaku kaosan tanpa sandhal, arepa wanci udan utawa wanci ketiga panas, isih tetep slamet.


Ing Eropa, Amerika panjenengan bisane mung ketemu woh-wohan sing asring kok pamer-pamerke, anggur, apel, sunkist, pear lan sajinise. 

Ing Timur Tengah, panjenengan ketemune mung woh-wohan tertamtu bae, kayata kurma, kismis, kacang arab, zaitun lan tin.


Nanging ora ing Indonesia, kita ora saguh nyebutake kabeh sawernane woh-wohan lan sayuran, umbi-umbian, kacang-kacangan, kekembangan, rempah-rempah merga saking akehe.


Ing Amerika  Eropa, kita bisane ketemu panganan jinise iku-iku bae, sandwich, hotdog, hamburger, yen ora luwih ya steak, es krim lan keju.

Ing Timur Tengah, Roti, daging lan sejinise daging lan meneh ketemune sarwa daging.


Ing Indonesi??, saka Sabang tekan Merauke, bokmenawa ana atusan ewu luwih jinising panganan. Ana puluhan jinis soto, sate, sop, sambel, olahan daging, ayam, iwak sing akehe ora bisa kaetung.


Saben tlatah duweni jinise, kuwih telesan, kuwih garingan warna-warni. Durung kapetung sing asale saka tela, ketan, lan klapa jeneng lan rasane beda-beda ing saben dhaerah.


Ing saurute pinggir dalan kawit seka Sabang tekan Merauke mujudake garis wong dodolan panganan dawa dhewe sadonya. 👍 Aku ora bisa ngetung sing dodol panganan arepa mung seka Kemayoran tekan Cempaka Putih, seka saurute dalan Malioboro utawa sadawane dalan Tajur Bogor, ujare si plancong mau.


Ing Indonesia panjenengan mardika ngrungokake pangajian, sholawatan, lonceng greja, dhangdhut koplo, konser rock, jazz, gamelan, lan ecrek-ecrek wong mbarang.

Ing Eropa, Amrik & TimTeng ora kaya mangkono, durung karuwan kita bisa midhangetake kejaba manganggo headset (prangkat sing dipasang ing kuping).


Bacute si plancong, aku pengin nulis "IBA INDONESIA TITISANE SWARGA" sinawang saka werna-werna pojoking sesawangan.

Asil bumi, hawane, pendhudhuke sing grapyak, lantip, sugih akal, budaya toleransine, guyonane lan sabarang liyane.


Kaelokan lan kaasriane nggon-nggonane plesiran/tamasia/plancongan. Aku ora bakal saguh bisa nulis iku kabeh masiya/senadyan upamane banyu segara minangka mangsine.


Sakingdene ora bisa kapetung kanikmatan nugraha paringe Gusti Allah mring wangsa Indonesia.

Aku wani nyebutake lamun :

* Indonesia iku sejatine negara kinasihe Gusti Allah*.

Yen nganti panjenengan ora manyokuri iku kabeh, jiwamu wus kaku mati!


Eliding tuladha kang bisa kapethik :

Aja nganti titisan swarga iki ambyar mung jalaran nepsu kwasa saglintir wong.

Aja nganti rumaketing paseduluran kang tinuladhani dening mbah-mbah kita, eyang kita, opung kita, opa kita ambyar merga beda golongan, agama, suku, nganti kita rumangsa pinter/unggul dhewe.


Gusti Allah ngarsakake kita munjuk sokur dene swarga iki ora owah dadi neraka. 

Wujude munjuk sokur diklawan ora ngrusak apa-apa kang wus becik, apa iku alam sakupenge, budaya luhure, keasriane lsp lsp.

Kapentingan politik aja nganti  ngrusak swarga iki dadi neraka, aja padha regejegan, srekal-srekalan rebut panguwasa!. 


Eling sasanti iki,

"RUKUN AGAWE SANTOSA CRAH AGAWE BUBRAH". 

Bersatu teguh bercerai runtuh!

Rawe-rawe rantas malang-malang putung!

Guyub rukun ambangun praja kanggo mulyaning wangsa lan negara NKRI .... MARDIKA! ✊


JM, pajar sidik, 04323

         ✍ eNPe ✍

         [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN