TUHU_PRIHATÕS

 .  kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02G7RgmAkMAqnPrnUCDbWppE4dCNAXDUrF6cdkXPLutXuUse6N8LTfd6pLPrdHkuYvl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz    


Prå sadhèrèk sutrêsnå ingkang ambêk sadu ing budi,

tuhu prihatõs anglangut raõs kalaning nyaranti,

wõndene kang dèn sranti panggah datan umari,

mudyå pêpanggihan ing dintên punikå tansah binêrkahan dening Gusti,

tinêbihnå saking bêbåyå mliginipun prahårå kang nggêgirisi,

mudyå gêsang kitå tansah kinanthi dening Gusti.


Sugêng enjing pårå kadang kinasih,

pujå puji sokur awit saking kêparêngipun Gusti Kang Mêngku Gêsang,

kitå samyå kasinungan wilujêng sehat bagas-saras jiwå lan salirå. 

Mudyå ing salajêngipun tansah winêngku gêsang kitå

kasingkirnå saking mêmålå dalah bêbåyå,

ing panduluning manungså prahårå dalah bayubåjrå enggalå sirnå saking salumahing arcåpådå

lan prå kadang kang nêmbe kêtaman kasinungan usådå. Amin 🙏


(duhkitå jêriting kawulå alit ing pangungsèn, mugi Gusti ambêrkahi... Amin Amin 🙏🙏)


JM, gagat bangun, 18323

        ✍ eNPe ✍

        [^__^]  [^__^]


sõrõgan :

sadu : utåmå banget,  wõng suci

ambêk sadu ing budi : kinurmatan, bêbudèn luhur

datan umari : ora lèrèn

mudyå : mugå, mugi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN