RÅSÅ MANIS KANG NJLÕMPRÕNGAKE
Datan kapetung akèh prå janmå tumindak duråkå,
margå duråkå rasane manis mencutake,
lamun nora wiweka biså njlõmprõngake.
Kênåpå wõng gêmblung tansah ånå ing kadurakane?
- margå kêsaput pandulu kang gawe sêngsêm,
- nora kråså rumêsêp ing balung sungsum,
- kêblingêr nikmat ing sêmu.
Kocapå, kang maune bangėt sêdhêp,
sawuse kaêlêg mijil wiså pait datan biså dènselaki,
nganti dumadine pralåyå,
kasangsaran kang tinêmu.
JM, wanci sidhêm, 23323
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar