JEJERING TIYANG SEPUH ING TENGAHING KULAWARGA
Minangka jejering tiyang sepuh (bapa-biyung) netepi darmaning kulawarga klawan nyekapi kabetahan gesang kulawarga punika sampun dados wajibing satunggaling tanggel jawab. Ananging, cekap kathah ing antawisipun tiyang sepuh ingkang kirang/boten sagah lan saged nisihaken wekdal kangge migatosaken keluwarga utaminipun para putra-putrinipun. Awit saking iwedipun pedamelan (mempeng ing pedamelan) ngantos prasasat pendhak dintenipun awis sanget saged gegujengan ngempal sesarengan lare-lare ngabaraken kados pundi sekolahipun, sami suka rena bab wucalan guru lsp..
Kathah tiyang sepuh ingkang namung nengenaken kabetahan lairipun anak-anakipun, kanthi ngorbanaken wekdal kangge nglempakaken arta, temtunipun punika sae boten lepat. Nanging minangka tiyang sepuh kita perlu emut bilih ingkang punbetahaken lare-lare boten namung lairpun (sandhang pangan) kemawon, ananging kang langkung ugi perlu kawigatosan lan tansah wontenipun tiyang sepuh ing tengahing lare-lare mliginipun wanci nedheng-nedhengipun betahaken tuntunan karohanenipun.
Kathah ing antawisipun kita nglirwakaken dhateng bab punika dumuginipun lare-lare ngancik umur kanèman (remaja,Ind.) ingkang langkung kathah betahaken jejering/pangadeging tiyang sepuh minangka paring panuntun kangge nanemaken kaluhuran bebudenipun mlebet ing alam kadiwasan. Krana makaten para putra-putri inggih lare-lare samidene ngorong/ngelak arupi pitutur, panuntun lan wontenipun tuladha saking bapa biyungipun.
Gandheng tiyang sepuh iwed ing pedamelanipun lajeng raosing sih katresnan mring para putra-putrinipun dipun wujudaken lan dipun esokaken kanthi arupi nguja kabetahan bandha wadhagipun kemawon ngantos mijilipun sipat pamer mring kanca-kancanipun.
Kawontenan makaten punika saged nuwuhaken lare-lare gesang wonten ing ngalam impen kang semu, tundhonipun saged njlomprongaken ing pakumpulan kaneman ingkang gesangipun sarwa bujeng menangipun piyambak boten ngajeni mring sesami, langkung nguwatosi malih menawi sampun lumebet ing pasrawungan bebas, narkoba lan 'premanisme'. Kathah conto-conto ingkang sumebar ing pawarta tv kadadosan punika wau.😙😘
Sumangga kita minangka tiyang sepuh (bapa-biyung) wiwit paring kawigatosan, tumemen lan boten bosen-bosenipun dedonga sesarengan ing tengahing kulawarga mliginipun kangge upacaya (pertumbuhan, Ind.) para putra-putrinipun anapaki gesangipun tumujweng alam diwasa, nyuwunaken pangaksama dhateng Gusti lan tansah ngrumentahaken berkahipun tumrap lare-lare. Krana pengrengkuh lan pangreksanipun Gusti piyambak mugya gesangipun lare-lare saged lumampah ing margi kang leres, tinebihaken saking pamblasar nerak tata krama, nir baya nir sambekala... mugi Gusti amberkahi.... Amin 🙏
Salam tentrem rahayu mugya kasalira mring kita samya.... Amin 🙏
JM, gagat bangun, 03323
✍eNPe✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar