KUNCI KAURIPAN (pasemon)

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0B9SXDC3vL9TMCcXH1YZZJSzntBu4GbhZxzFjVxpeFzHJn3XB3M9JvcybP1T9MuX7l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Joni lagi preenan ing kutha cilik, ujug-ujug montore mogok pas ing ngarepe kuil Shaolin ing pinggir jurang.

Dheweke nothok lawang kuil nuli clathu : "Montorku rusak, apa bisa aku nginep sawengi bae?"


Kepala Bhiksu jenenge Abing manggakake mlebu lan ngidini nginep, malah para bhiksu liyane uga nyugata/nyuguhi madhang sarta ndandani montore.


Bengi iku, jroning turu si Joni krungu swara sing aneh..., swara sing ora tau dirungu. Endah nengsemke swarane lamat-lamat gawe sumedhote nala nganti ora bisa turu meneh.


Esuke si Joni takon marang salah sijine bhiksu sing lagi reresik nyapu, "Swara apa iku sing mau bengi dakrungu?"

Si bhiksu mangsuli : "Aku ora bisa ngandhani merga sliramu dudu bhiksu!"

Si Joni njaluk katerangane bola-bali, nanging tetep ora diwangsuli.


Si Joni pamitan neruske lakune karo kuciwa kebak rasa pengin ngertine. (kepo tembunge cah saiki)


Pirang-pirang taun sabanjure marga si Joni ora bisa nglalekake swara mau, dheweke bali menyang kuil iku lan njaluk piterang maneh bab swara-swara sing gawe sumedhote ati iku.


Nanging wangsulane para bhiksu sing ditakoni tetep padha bae wangsulane : 'Aku ora bisa ngandhani, jalaran sliramu dudu bhiksu!"


Bacute si Joni  : "Yen pancen mligine dalan, carane kanggo nyumurupi swara iku kudu dadi bhiksu, ya wis tulung aku dadekna bhiksu."


Si bhiksu mangsuli : "Yen pancen iku tekadmu, kowe kudu ngumbara nganglang bawana, lan critakna ana pira gunggunge suket lan pasir ing jagad iki? Yen kowe wis oleh wangsulane, kowe bakal katampa dadi bhiksu ing kene."


Kira-kira 20 taun sawuse ngumbara si Joni bali meneh ing kuil mawa rambute wis dadi putih memplak.


Si Joni : "Guru, aku wus ngerti wangsulane. Sacara kailahian, bumi tansah owah, ya amung Gusti kang ngawikani pitakonan sing kok takokake iku. Manungsa kabeh mung bisa nyumurupi awake dhewe, lan iku mung bisa lamun dheweke iku jujur, ngrumangsani lan bisa nyingkuri sipat lelamisan sumuci-suci."


Bhiksu iku mangsuli : "Bagea slamet ya, sliramu resmi dadi bhiksu! Aku arep nuduhake dalan wingid lan wadi tumuju swara suci sing kok goleki." 


Banjur si bhiksu ngajak menyang sawijine lawang kayu. "Swara iku asale saka burine lawang iki!", clathune bhiksu karo menehke kunci.


Si Joni ngawengakake lawang kayu iku, ning isih ketemu lawang meneh saka watu. Si bhiksu menehi kunci lawang watu iku lan sawuse dibuka isih ana lawang saka ruby. Mangkono sateruse kasusul lawang-lawang saka jamrud, mutyara lan sotya/inten.


Pungkasane dheweke tekan lawang kayasa saka emas. Swara surgawi sing di goleki krungu cetha.

Bhiksu iku menehke kunci emas, "Iki lawang pungkasan, wangsulan sing kok goleki ana ing suwalike lawang emas iku!"


Klawan tangan ndhredheg, Joni ngengakake lawang emas, lan lon-lonan winenga. Nalika ndeleng sumber swara sing diluru puluhan taun iku, pamencut saka apa kang sinawang andadekake nggregel ora kuwat ngadeg, Joni tiba lungguh tumungkul lan sujud.


Apa sing dideleng..

nganti lungguh tumungkul sujud...

lan nangis beguguk?

Mesthine aku ora bisa nyritakake apa sing didelok..., kena apa?

marga panjenengan kabeh dudu bhiksu!      ... hehehee ...

Nyuwun duka nggih!

đŸ€ŁđŸ€ŁđŸ˜‚đŸ˜‚đŸ€ŁđŸ€Ł


JM, pajar sidik, 15323

        ✍ eNPe ✍

        [^__^]  [^__^]


sumber kajarwa saka ing : https://m.facebook.com/groups/202330263691917/permalink/1302516177006648/?mibextid=Nif5oz

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN