PATRAP BOTEN MAELU

    kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0wWebRDUajeFMkw2cfMtxarPUT2d1Zj38TDSnbRSaeVyhULrf3DPF1D7rU6VxdT36l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Gagasan utawi angen-angen asring mijil saking cara ingkang datan kininten upaminipun nalika wawan rembag kalihan mitra kadang utawi nalika nembe namung nyawang ombyakipun tiyang ing margi. Boten kirang ugi panyaruwe utawi usulan gagasan saking mitra celak sinarawedi, ananging emanipun malah kita boten gatosaken lan estokaken. Ewasamanten saged kemawon panyaruwe wau klawan alus nalika kita nglampahi kalepatan.

Ing panyaruwe ingkang alus wau sayogya saged kangge nglelantih weweka/pangatos-atos kita. Menawi kita rumaos dhiri leres utawi tansah ngrumaosi leres, kita boten badhe emut utawi buddhi (sadar; Ind.) nalika nindakake kalepatan. Ing kawontenan makaten punika kita boten saged ngewahi lan ndandosi kalepatan kita. Wontenipun namung lepat lan lepat wungsal-wangsul amargi manah lan pikir sampun katutup panduga menawi tiyang sanes punika langkung sarwa kirang/ asor tinimbang kita (sipat ngremehaken mring ngasanes).

Tambeng, mbegegeg ugag-ugeg pikir judheg punika ingkang njalari sampun dipun emutaken klawan sae nanging tetep ngengkel boten maelu/gatosaken, paribasanipun 'ana catur mungkur', malah sampun punpancas ukuman dening pangadilan tetep boten kapok, sasampunipun medal saking kurungan mangsuli malih tumindak kalepatan. Inggih kados makaten punika ingkang kathah kadadosan mring para pidana/paukuman ingkang sampun medal saking kunjara.

Sumangga pra kanca sutresna bucal ingkang tebih patrap ingkang boten preduli (cuek bebek,Ind.) ingkang saged njlomprongaken salebeting kalepatan langkung ageng, ngalang-alangi ingkang langkung sae lan nguwirangaken kita pribadi. Ingkang langkung wigatos kadospundi caranipun saged luwar saking kalangan ingkang mbulet punika.

Salam tentrem rahayu mugya kasarira mring kita kang pinangkanipun saking Gusti... Amin Amin 🙏🙏

JM, bangun enjing, 25323

        ✍ eNPe ✍

        [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN