NASIB PURNA-BEKTEN GOLEK GAWEAN TAMBAHAN

kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2930210407258077&id=1684548218490975 Saking dene angele golek gawean, purna-bekten/pensiunan Angkatan Darat sidane nyambut gawe ing bonbin. Saben dina nganggo sandhangan Gorilla lan ethok-ethok dadi Gorilla, ing batin : 'kenapa mesthi kudu isin, wong ora ana sing ngerti'. Nggayemi kacang lan gedhang terus-terusan. Saben dina mlumpat-mlumpat lan uga ngetung angka, iku gawean sing kudu ditindakake. Mulane iku ndadekake para pamirsa bonbin padha seneng. Ya wiwit iku pamirsa bonbin tambah akeh kepingin ndeleng Gorilla sing prigel lan pinter (laa ya wong purna-bekten perjurit AD). Wusanane ing sawijine dina, pas lagi apese, ing satengahe Gorilla lagi mlumpat-mlumpat, ora ngira kepleset lan kajegur ing blumbangan Baya. "Oh dhuh Gusti! Mati aku iki!", batin atine si Gorilla tiron. Dheweke banget olehe ngupaya nglangi kanthi rikat menyang pinggire blumbang supaya ora dicaplok Baya. Nanging si Baya iku luwih ...