TUHU PRIHATOS


Pra sadherek grup PBJ ingkang mahambek sadu ing budi,
tuhu prihatos anglangut raos kalaning nyaranti,
wondene kang den sranti panggah datan kèksi/katon,
mugi pepanggihan ing dinten punika tansah binerkahan dening Gusti
tinebihna saking bebaya mliginipun korona kang nggegirisi
mugya gesang kita tansah kinanthi dening Gusti

Sugeng enjing para kadang kinasih,
puja puji sokur awit saking keparengipun Gusti Kang Mengku Gesang
kita samya kasinungan wilujeng sehat bagas-saras jiwa lan salira. 
Mugi ing salajengipun tansah winengku gesang kita
kasingkirna saking memala kang datan kèksi/katon
ing panduluning manungsa karan covid-19 enggala sirna saking salumahing bantala
lan pra kadang kang nembe ketaman pinaringan usada...  Amin

JM, gagat bangun, 18720
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN