MENJANGAN NGERTI MALES BUDI

 
Ing pinggiran alas ujug-ujug ana menjangan mlayu nyedhaki sawijining omah sing ing platarane ana bocah cilik lagi dolanan. Si menjangan tanpa nyuwara nyrudug bocah cilik mau kanthi nyantholake klambine si bocah ing sungune njur digondhol mlayu ngadoh saka omahe. Lha ya sanalika bocahe jerit-jerit mbengok seru saking wedine.
 
Ibune krungu banjur metu saprelu aweh pitulungan. Nanging dheweke meruhi dene putrane digondhol menjangan. Enggalan si ibu mlayu nututi menjangan, ora let suwe nemokake putrane nangis gemlethak ing pasuketan. Si ibu njur methukake bocah iku lan ngekep klawan bungah dene putrane slamet karo netesake eluhe mripat.

Enggal-enggalan sang ibu nggendhong putrane bali tumuju omahe. Nalika meh tekan, kandheg sedhela..., iba kagete nyumurupi omahe kebrukan uwit gedhe banget sing thukul sakburi omahe. Omahe sabagean rusak warata karo lemah. Payone omah remuk awut-awutan ora karuwan kae. Pitik lan sadhengah kewan ingon-ingone padha mati.
Ohh.... , kepriye dadine yen dheweke karo putrane isih nang ngomah... "Dhuh Gusti... Puji sokur Paduka paring pangayoman ngantos kawula kekalih kalis saking kadurbalan punika".

Sanalika iku sang ibu kelingan kadadean setaun kepungkur, sawijining dina ana menjangan mlayu-mlayu tumuju omahe sang ibu iku amarga kaweden dioyak pambedhag (pemburu bs ind) sing arep mbedhil. Sang ibu mesakake banjur ndhelikake krana nutupi menjangan iku nganggo lembaran-lembaran kain saketemune.
Nalika si pambedhag tumeka ing omah iku ora nemokake menjangan.., ngira yen menjangan wus mlayu liwat lawang buri omah. Si pambedhag banjur lunga karo njaluk ngapura awit wus gawe repot si ibu mau.
Sawuse si pambedhag lunga adoh, sang ibu bukak kain panutup lan ngejarke menjangan iku bali tumuju alas.

Menjangan iku kayadene bisa lan ngrasakake yen dheweke wus dislametake dening wanita iku katitik wektu menjangan iku ora mandheg anggone bola-bali noleh marang wanita iku kaya-kaya arep ngomong matur nuwun.                                                                              

Sang ibu iku ora ngira yen menjangan iku bisa kelingan kabecikane. Menjangan embuh kepriye bisa ngerti yen ana uwit gedhe sing arep ambruk ngebruki omahe sang ibu iku nganti setaun candhake menjangan iku bali teka kanggo nylametake ibu lan putrane.

Sang ibu iku banjur ujar jroning ati, "Nylametake nyawa titah liyane padhadene nylametake awake dhewe".

Para sutresna PBJ, sumangga saged mendhet piyambak-piyambak werdining carios ing nginggil. 
Nuwun 🙏

JM, lingsir wengi, 20720
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊