BANYU PAIT (pituture simbah)

 
Piyayi sepuh dwija lan wicak disowani bocah enom sing lagi ngadhepi lungkrahing pikir (bs.Ind.galau)
Datan buwang-buwang wektu kanoman iku nyaritakake kabeh kang dadi ruweting pikire.
 
Klawan wigati piyayi sepuh iku amung mirengake banjur nggenggem bubukan pait lan dhawuh cah enom iku njupuk banyu sagelas.
Dikepyurake bubukan pait iku ing jroning gelas lan diadhuk alon-alon.
 
"Coba ombenen iki lan aturna kepriye rasane", ngendikane piyayi sepuh mau.
"Pait sanget pak..." wangsulane kanoman iku.
Piyayi sepuh iku mesem, banjur ngajak cah nom iku mlaku menyang blumbangan ing mburi daleme

Sawuse tekan pinggire blumbangan piyayi sepuh iku enggal nyuntak bubukan pait ing blumbang lan mawa sapotong kayu ngadhuk-adhuk banyu blumbang mau.
“Coba saiki jupuka banyu blumbang iku lan ombenen!", dhawuhe piyayi sepuh iku

Nalika kanoman iku ngeleg banyu blumbang mau, piyayi sepuh iku ndangu maneh , "Piye rasane...?"
"Seger kemawon.., boten wonten raos paitipun", wangsulane cah nom iku.
"Apa bener mangkono .... ?" pandangune piyayi sepuh iku.
"Leres pak.., estu boten kraos pait!", wangsulane bocah iku.

Piyayi sepuh iku nggujeng karo mesem, lan ngendika : "Hee.. cah enom...! Ngertia ngger, pigatekna ya, pait-getire urip kadya sagenggem bubukan pait iki, ora luwih ora kurang. Gunggunge lan rasa paite uga padhadene lan pancen tetep bae jumbuh ora ana bedane."

Bacute ngendikane piyayi sepuh iku, "Ananging ELING!.., paiting kang kita rasakake gumantung banget karo wadhah kang kita duweni".

Mulane nalika kita ngrasakake pait lan gagal jroning urip, amung ana siji kang bisa kita lakoni :
"Jembrengen lan gedhekna tuwunge atimu supaya bisa madhahi saben kepaitan iku" Ya ati kita iku minangka wadhahe.

Aja nganti ati kita kayadene gelas, nanging dadekna atimu kayadene blumbangan kang amba supaya bisa madhahi saben rasa pait-getiring urip lan bisa andadekake rasa seger lan tentrem.

SUMANGGA ! Gusti amberkahi! 
 
JM, dungkap surup, 18720
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN