PATRAP MARANG PAMARENTAH
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2727436434202143&id=1684548218490975
Salah siji patrape wong wicaksana yaiku ora kesusu ing tumindak, klebu aweh pambiji panetepan mring sapa bae.
Patrap sepisan kang kudu diwujudake wong wicaksana yaiku nggugu lan setya tuhu mring prentah pimpinan, awit pimpinan duwe wenang ngayahi apa bae kang dadi sedyane kanggo tatanan urip bebrayan ing wewengkone.
Dene patrap candhake ngelingake pimpinan ing wanci lan cara kang trep.
Wus dadi wajibing warga masarakat kudu mituhu marang pamarentah kang wus kapiji lan katetepake miturut udhang-undhang kanggo nata praja anggayuh mulyaning bebrayan sabangsa.
Kita prelu dongakake pamarentah saprangkate supaya bisa anggawe kabecikan lan kamulyan ing tengahing masarakat.
Dikaya ngapaa bae pamarentah anggone ngayahi jejibahane butuhake kawicaksanan. Mangkono uga kita prelu wicaksana aweh pangawasan, pangeling lan pameleh klawan cara lan wanci kang trep ora grusa-grusu.
Kadya ing negara kita Indonesia, tata cara kasebut wus ana ing aturan tata nagara.
Sumangga !
JM, sandyakala, 5620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar