GULA_ABANG (pasemon)


Kacarita wong lanang mlarat menyang kutha saprelu adol gula abang (gula jawa) gaweane bojone. 

Bojone gawe gula abang wujude tansah bunder bobote 1 kg. Wong lanang iku adole gula abang ajegan ing salah sijine toko lengganane lan blanja saanane kanggo kapreluan mangan saben dinane.

Sawijining dina juragan toko lengganane nyujanani bab bobote gula abang mau, dheweke njur nimbang... eee jebule kurang saka sakilogram ... mung 900 gram. Si juragan gemeter tangane ing jroning dhadha rasane kaya-kayaa arep pecah, "Dadi seprana seprene dheweke ngapusi aku!" jeriting atine.

Dina iku uga si juragan toko nglabrak nang omahe wong lanang sing adol gula abang mau karo nggawa gulane.
"He kang!.. kowe wis wani-wani ngapusi aku ya! Kandhamu gula iki bobote sakilogram ning jebule mung 900 gram!" getake si juragan toko iku.
Wong lanang papa iku ndingklukake sirahe lan ujar : "Kula tiyang mlarat pak, ing griya timbangan kemawon boten gadhah. Kula tumbas uwos ing toko panjenengan bobot satunggal kg lan mawi uwos niki kula angge nimbang gendhis abrit", wangsulane karo tetep tumungkul.
Eliding crita iki mengku pasemon dene uwong liya katon luput, nanging kita ora ngrumangsani yen sanyatane sumber kaluputan iku saka kita awake dhewe.

*__* Kaweleh iku kang tinemu wekasane! *__*

Sugeng dalu.

JM, madya ratri, 9720
     dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN