PASEMON BAB DIYAN
Pranyata ana pangandikane Gusti kang mituduhake mring kita dene samubarang kadadean ing sangisore langit saduwure bumi iku wus pinesthi lan mujudake rancangane Gusti kang akarya urip.
Ora ana wong nyumed diyan, kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog utawa ajug-ajug diyan, supaya kabeh wong kang ing jero omah padha bisa ndeleng padhange.
Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak.
Mula para duratmaka sing ndhelik mlayu nganti tumeka ing negara manca saprelu sesidheman ya bakal kasumurupan lan bakal enggal bisa dicandhak dening pamong ukum kang duwe wenang.
Ana maneh kang saiki lagi kondhang yaiku prakara sawijining koperasi kang wurung bayar kuwajibane. Ing kono katitik yen ana wadi kang maune siningkur, dijarag utawa ora, ya bakal bisa kawiyak.
Isih akeh conto-conto kedadean kang tundhone pangunthetan kaskayan dening para priyagung kang kajibah tanggung jawab. Pangunthetan sinebut korupsi kang kadya wus jamak awit kasrakahaning manungsa, rendhet utawa rikat bakal bisa dibukak dening juru panegak ukum.
Ayo minangka padhange diyan wus sumorot, kita sengkuyung panegak ukum ambesmi racun masarakat bangsa yaiku KORUPSI !
JM, sirep esuk, 2720
dening eNPe
Sugeng enjing sedulur
BalasHapus