LUMPATANE WALANG
Ana walang (sabanjure sinebut walang A) sing wus suwe sinengker jroning kothak ing sawijining dina bisa metu saka kothak kasebut. Saking dene senenge dheweke mlumpat-mlumpat ngrasakake bebas.
Satengahing lakune ketemu walang liya (sinebut walang B), walang A gumun banget kenapa walang B iku bisa mlumpat luwih dhuwur lan luwih adoh tinimbang dheweke.
Kadereng pingin ngertine si walang A nyedhaki walang B iku, njur pitakon : "Kepriye ya kok kowe bisa mlumpat luwih dhuwur lan luwih adoh, kamangka awake dhewe iki ora beda adoh umur lan wangune awak?"
Wangsulane walang B iku, "Ing ngendi bae kowe sasuwene iki manggon? Mangertia, kabeh walang sing urip ing alam bebas mesthi bisa nglakoni kaya apa kang dak tumindakake mau."
Sanalika kaya dielingake si walang A lagi ngrumangsani dene sasuwene iki ya kothak iku sing dadi njalari dheweke ora bisa mlumpat adoh lan dhuwur kaya walang B sing uripe ing alam bebas iku.
Piwulangan kang bisa kita pethik, kita minangka manungsa datan eling kepara asring ora tau eling nglakoni kaya tumindake walang A.
Kahanan sakiwa tengen kita sing ora becik klebu ala banget, kayata nampa pangina, pinggeting kedadean ing wektu kepungkur, wurung oleh asil terus-terusan, omongan tangga-tanggane lan kanca-kancane lsp, kadidene anggawe kita kakurung ana ing njero kothak kang nguwatesi samubarang kaluwihan kang sejatine kita duweni.
Kita luwih ngandel lan ngulu mentah-mentah apa kang diomongake dening wong-wong liya mau tanpa mikir maneh apa ya bener apa sing dikandhake pancen ala banget?
Sing mrihatinake maneh kita luwih pracaya karo kandhane liyan tinimbang pracaya mring awake dhewe... paribasane kadya "kodhog ing njero bathok klapa".
Saking dene ora nate pitakon mring ati nuranine apa kita bisa mlumpat luwih dhuwur lan adoh krana nyingkirake kothak iku? Apa ora kepikir yen kita bisa uwal saka sarwa kekurangan mau lan bakal bisa anggayuh pepinginan kang kaanggep mung angen-angen bae?
Bekja lan mujia sokur dene kita diparingi sangu Gusti Allah akal lan budi kanggo upadi lan anggayuh, ora amung pasrah ngono bae apa kang kita alami. Mulane pra kadang, kita terus ngupaya anggayuh apa kang dadi impenan kita kang becik.
Perih pancen, kesel pancen, ananging lamun kita wus tumeka ing puncak, kabeh pangurbanan iku bisa kita saur lunas. Wusanane sarwa marem kang rinasa.
Sukses kang kita gayuh gumantung saka tekad kita kang kuwat!
SUMANGGA! SEMANGAT-SEMANGAT!
JM, gagat bangun, 14720
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar