PAKARYAN SANG MA KAWASA
Saliring peksi ngoceh gegojegan
ngrepekake kekidungan dungkap raina
Semerbak mewangi ganda sesekaran
iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa
Kawit esuk sumunar sang diwangkara
kluwung endah cumlorot ing akasa
garising cakrawala gagah santosa
iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa
Ara-ara ijo dalah biru samodra
ngrembuyung taneman lan alas ing arga
cakrawala gumelar amba
iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa
JM, gagat raina, 8720
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar