BOCAH CILIK ADOL KEMBANG
Ing sangarepe Mall ana bocah wedok cilik nawakake kembang mawar marang wong-wong liwat. Bocah iku wus padatane dodolan ing kono wiwit awan tumekane surup.
Ing sawijine awan aku pinuju liwat ngarep mall mau bocah cilik iku nyedhaki aku, "Oom.., mangga mundhut kembang mawar! Saged kagem garwa utawi pacangan om.. mirah kok.., namung gangsal ewu mawon," ujare bocah cilik iku. Kanthi alus aku nampik tawane amarga aku selak kesusu-susu. Satleraman aku nyawang ing kranjange bocah iku isih ana kira-kira 20-an gantilan kembang mawar.
Sorene aku liwat mall iku maneh lan mrangguli bocah cilik mau, dheweke isih nawakake kembange. Sajake dheweke ora kelingan yen awan mau wus nawani aku. Dak inguk ing kranjange isih ana 14-an gantilan kembange mawar.
Aku trenyuh lan mesakake ateges lagi kepayon 6 gantilan mawar, ananging jalaran aku isih ana kapreluan lan ora butuhake mawar, klawan alus aku nampik banjur ngrogoh dhompet dhuwit salembar eketan ewu dak wenehke bocah iku.
Kocapa bareng dhuwit mau ditampani apa sing ditindakake gawe kaget lan gumune atiku, dheweke enggal menehke dhuwit mau marang wong ngemis ing sacedhake kono.
Ora sranta aku njur takon nang bocah iku : "Kenapa dhuwite kok wenehke wong ngemis iku? Kowe nampik rejeki ya?"
Bocah cilik iku mangsuli : "Kula mriki dikengken simbok sadean, dene ing ngriki ingkang nyuwun-nyuwun nggih tiyang ngemis niku, kula mesakne merga wiwit enjing dereng nedha.., om klintu paring rejekine."
Wah waahh... ngedhap-edhapi bebudene bocah wedok cilik iku ..., batin atiku.
Sanalika banjur dak borong gatilan mawar iku lan bocah cilik iku bungah banget karo matur nuwun lan enggal-enggalan pamit mulih saprelu menehke asile dodolan marang simboke.
Sumangga! đđ
JM, lingsir wetan, 28720
dening eNPe
Crita memper : ⤵⤵
Komentar
Posting Komentar