CANGKIR KANG ELOK RUPANE

 
Mbah kakung-putri tindak blanja ing sawijining toko pernak-pernik nedya golek tandha-asih kanggo putune. Lan migatekake sawijining cangkir sing elok rupane, "Coba pirsanana cangkir iki!", clathune mbah putri marang garwane. "Iya bener kowe, lagi iki aku nemoni cangkir sing elok kaya ngene iki", wangsulane mbah kakung.
 
Nalika nyedhaki cangkir iku, dumadakan cangkir iku celathu, "Matur nuwun pangalembananipun, prelu kawuningana bilih kula kala emben boten elok. Saderengipun dados cangkir kang pun alembana, kula namung siti boten migunani. Nanging sawijining dinten wonten tiyang mawi tangan reged nguncalaken kula dhateng rodha kang mubeng"
 
"Salajenge tiyang wau muter-muter kula ngantos ngelu raose. Stop! Mandheg! ning piyambake boten nggape lajeng nyogok-nyogok lan nabok wungsal-wangsul", critane si cangkir iku.... "Eee ... lha kok kula nuli pun lebetke ting pawonan sing mulat-mulat latune.." bacute si cangkir.

"Panas! panas!.. kula bengok seru, tetep mawon tiyang niku panggah boten nggape bengokan kula. dhuh dhuh... kesiksa rasane!..", bacute si cangkir.

"Pungkasane, tiyang wau ngentaske kula saking bentere latu pawon lan ngendelke ngantos asrep. Kula kinten rampung sampun kasangsaran kula... eee .. jebul dereng. Salajenge wanodya ayu nyepengi kula kaliyan ngelus-elus lan ngoser-oseri cet warna-warni ambune sengak marake muneg. Mandheg! stop! kula bengok-bengok malih", si cangkir nambahi critane.
"Wanodya wau mangsuli, "Durung rampung!" nuli nyukake dhateng tiyang jaler lajeng nglebetke kula ing pawonan kang latune langkung benter.." "Adhuh..., tulung-tulung aja kok siksa terus!", nanging tiyng wau tetep mawon ndableg boten nggape bengok kula. Sampune marem nyiksa kula, di glethake lan ngendelke mawon ngantos asrep piyambak".
 
"Sareng sampun estu-estu asrep, wanodya sanese ngangkat kula dilap resik lajeng pun dekek celak kaca. Kula kaget sanget ningali kula, lha kok aku malih ayu men iki... eee lha dalah kasangsaran sing dak tampa ilang sanalika."

Eliding crita iku kang bisa kita pethik, iya kaya mangkono iku Gusti Allah ngreksa urip kita ibarate kadya cangkir kang elok rupane mau.
Rikala kita ngalami kasangsaraning urip iki tumekaning tetesan eluh mripat, kabeh sejatine rancangane Gusti kang luwih apik kanggo nggembleng kita murih bisaa luwih becik lan bisa  mulyaake AsmaNe sarta aggawa berkah tumraping wong liya.
 
Mujia sokur minangka begja karahayon kang tinemu, lamun kita ana ing pacoban iku sejatine bakal mujudake berkah kang wusanane supaya kita bisa luwih sampurna. Aja cilik ati pracayaa dene Gusti Allah ngersakake urip kita luwih elok rupane kadya cangkir mau
 
Gusti amberkahi... Aminn 🙏
 
JM, gagat bangun, 26720
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊