NYINGIT BARANG WADI (muspra)

 
Sapinter-pintere bajing mlumpat
datan bisa denselaki bakal ceblok uga 

Samubarang sing ditutup-tutupi bakal katon,
samubarang sing digawe wadi bakal kawiyak.
 
Apa sing kokkandhakake ing wayah bengi
kuwi bakal keprungu ing wayah awan. 

Apa sing kokbisikake ing kamar sing kekancingan,
bakal kawartakake marang wong akeh. 

Apa bae kang siningit bakal kekambon
nutup-nutupi samubarang rusak wusana bakal kasumurupan. 
 
JM, sirep jalma, 25720
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊