JUWARA, the CHAMPION
(bali kapacak tulisan 3 taun kepungkur) ⏬
Ing babagan pendhidhikan kita asring disuguhi panetepan Sang Juara... para wong tuwa padha budidaya supaya putra-putrine murih bisaa dadi juwara klas. Anak-anak dijejeli les werna-werna kanthi gegayuhan impene wong tuwane bisa kaleksanan.
Kita lali dene anak-anak duweni kepribadian lan bakat beda-beda.
Pakulinan kaya mangkono iku sing bisa ndadekake bocah-bocah pengine lelumban golek menange dhewe, isih mendhing yen tumindake miturut jejering laku nora nerak paugeran. Malah akeh kang nora jujur alias brengkele sakarepe dhewe.
Ya pakulinan iku ing tembene yen wus diwasa bakal nuwuhake patrap kang ngudi menange dhewe nora ngajeni mring liyan kepara ngremehake.
Atusan, maewu-ewu, mayuta-yuta patrap mental kaya mangkono ngrembaka saya akeh ing tengahing masarakat.
Wusanane saiki bisa kita sumurupi lan kita rungu akeh pribadi lan pribadi lelumban kang kurang sehat iya ana ing kalangan pendhidhikan, politik malah jroning kulawarga.
Iba ngisin-isinake nganti padha sikut-sikutan golek menange dhewe nerak tata krama lan paugeran, tega marang mitra lan sanak kadang.
Kepriye coba ta ing sawijining pakumpulan apa bae apa ya bisa anggayuh apa kang kasedya yen para anggotane padha regejegan rebut menange dhewe nora nggape anggota liyane.
Kita nyumurupi dene ing sajroning pakumpulan dibutuhake ananing guyub rukun bebarengan anyengkuyung apa kang kaesthi. Wus samesthine saben anggota bisa duwe rasa nduweni tanggung jawab bebarengan anggayuh kamulyaning pakumpulan.
Miturut panemuku apa kang diwulangake ing pendhidhikan piye supaya bisa juwara kudu DIOWAHI !... ya DIOWAHI !
Yaiku memulang piye bisane nengenake tansah GUYUB RUKUN GOTONG ROYONG bebarengan ro kancane, ngupaya nyingkuri rasa iri meruhi kancane kasil kang luwih apik, tuwuhake rasa ngajeni tunggal mitra padhadene guyub.
Tata carane ing pawiyatan prelu diwulangake luwih nengenake jiwa guyub rukun ngajeni mring murid-murid liyane anyengkuyung bebarengan ngrampungake tugas-tugas sing diparingake dening gurune. Ya saka ngulinakake patrap mental kaya mangkono iku digadhang bisaa thukul para kanoman generasi panerus bangsa duwe rasa padha dene ndarbeki tanggung jawab nora amung nengenake ngagul-agulake dhiri pribadine.
Mula sapa kang kepengine "Aku juwara! the Champion! Aku nomer 1!"
nora maneh dadi gegayuhan utama
ananging luwih nengenake anyengkuyung bebarengan karo kanca-kancane guyub rukun ngrampungake tugas-tugas jroning pakumpulan nganti rampunge.
"Revolusi mental" kaya mangkono iku prelu dituwuhake saka ing pendhidhikan kulawarga, pendhidhikan baku.
Iki NGIMPI kang tuwuh amarga rasa prihatin nyipati kahanan ing tengahing masarakat suwening suwe saya kisruh.
Payo kagem para ahli lan kang rumangsa ahli ing babagan pendhidhikan dak aturi tantangan kanggo mujudake Impen mau.
Aywa mung sedheku nekuk tangan nyumurupi kahanan sosial ing tengahing masarakat kang pendhak dina saya ribut lan kisruh.
Sumangga diwiwiti saka ing tengahing kulawarga, ing pawiyatan ing pakumpulan-pakumpulan, budidaya ngulinakake jiwa gotong royong guyub rukun anyengkuyung bebarengan ro kancane nyingkuri rasa arep menange dhewe regejegan lan udreg-udregan!
JM, lingsir wengi, 200717
Tinulis lan kasuguhake kanggo anak bangsa
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar