NGUDI KABUTUHAN KITA
Ing donya wektu samengko dikebaki sarana kang sarwa gumampangake saliring prakara. Kamajuan tehnologi sumadya ing sawernane kabutuhan kang sarwa rikat.
Temahane, kita asring ora krasa ana ing sawijining pacoban ing tengah-tengah urip kita. Lan kita sering kurang maelu kepara ngremehake kuwasaning Gusti. Kita luwih gethu marang telpon pinter (hp) tinimbang sowan ngadhep Gusti srana ing donga.
Saya maneh luwih ora prayoga dene kita nglirwakake wajibing ngibadhah marga umyeging kita. Kita luwih nengenake umyeging iku nganti nyedhot pigati, wektu lan bahu tenaga. Wusanane kita luwih akeh nindakake sawernane pepinginan pribadi dhewe.
Kita asring kapusan tumrap saliring bab kang anjanjeni sarwa gumampang. Pungkasane, kita mung nengenake bab-bab mau lan ngadoh saka ing ngarsane Gusti. Kita lali ndedonga lan nggeluti pangandikane Gusti. Pikolehe, kita ora nyumurupi lan nglegewa yen wus keseret adoh saka ing pangayunane Gusti.
Sabanjure, kepriye prayogane kita ngadhepi marang saliring bab kang menehi janji sarwa mayar sing bisa nggawa kita ing pacoban iku?
Temtune, kita kudu luwih ngati-ati, kita kudu mawas dhiri lan ngupaya supaya ora kaseret nglirwakake dhawuhe Gusti kadya ana ing ajaran agama.
Prayitna lan waspada tumraping brahala anyar senadyan bisa nyukupi kabutuhan kita nanging bisa bae jlomprongke ngedohake kita saka ngarsane Gusti Allah.
Eling dene Gusti amung sumber lan kakuwatan dalaning kanggo nyukupi samubarang kabutuhan urip kita.
Ayo kita padha bali sujud mareg ing ngarsaning Gusti awit Panjenengane pirsa kasetyan kita.
Sumangga! Gusti amberkahi... Amin đđ
JM, sirep jalma, 30720
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar