WICAKSANA lan SAREH

 
  Ing ngalam donya iki ora mesthi wong sing rikat playuné kuwi sing menang balapan, lan ora mesthi wong sing kendel kuwi sing menang ing paperangan. Wong wicaksana ora mesthi duwe pegawean, wong pinter ora mesthi dadi sugih, lan wong sing nyambut gawene apik ora mesthi oleh pangkat dhuwur. Saben wong bisa ngalami nasib ora kaya sing disedya.

  Kaya manuk sing dumadakan kena ing jaring, utawa iwak sing mlebu ing jala, kaya mengkono uga kita datan kinira ngalami nasib kang ora becik, ing wektu sing ora kita nyana-nyana.
 
  Ya amarga kaya mangkono iku prayoga kita bisa luwih wicaksana lan sareh aweh pambiji mring kahanan urip ing tengahing masarakat, aja grusa-grusu nemtokake kaluputan mring wong  kang kapiji ngayahi jejibahane. Apa maneh kepara angger waton gawe warta-warta kang ora maton klebu tumindak pitenah ngala-ala samubarang kang diayahi dening para pamong lan pandhegane praja.
 
  Ayo para kadang kita padha sayuk-sayuk rukun bebarengan ngudi mulyaning bangsa lan negara. Samya anyengkuyung ambesmi pageblug kang lagi magepok gawe horege bangsa, padha samya mituhu karo dhawuhe pamarentah urip ing tatanan anyar. Aja amung memada gawe panemu dhewe-dhewe ing 'medsos' kang malah njalari kisruhe swasana.

Sugeng enjing para sutresna PBJ..

JM, gagat bangun, 8620 
       dening eNPe

Komentar

  1. Mhn ijin kulo waos lan hasil waosan kulo share wonten medsos lan tetep kulo sebataken asal blok lan pangrita. Nwn (seratan luar biasa pas dgn keadaan). Nwn

    BalasHapus
    Balasan
    1. Pagrita masudnya pangripta. Maaf salah ketik.🙏🙏🙏

      Hapus
    2. Sumangga menawi ngersakaken badhe pun sebar 👍

      Hapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN