AJA NGULUR-ULUR PANGGAWE BECIK
Ing tengahing kahanan saiki iki akeh para relawan kang duwe krenteg nedya ambiyantu kanthi carane dhewe-dhewe, arupa tenaga nglumpukake dedana bandha lsp.
Para relawan ya para pambiyantu sosial aweh sumbang sih ora kok supaya oleh alem pepuji, ora supaya kondhang jenenge, nanging amarga pancen tinalesan saka rasa kabecikan, jiwa kamanungsan lan tulusing driya.
Sih kadarmaning Gusti binabar mring wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wong kang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh.
Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.
Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang umate, supaya padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonira nglakoni sarupaning panggawe becik.
Tumindak ambage ora amung ngatonake preduli mring sapepadha kang mbutuhake, nanging kang luwih endah mujudake rasa sokur awit saka kanugrahaning Gusti piyambak.
Emane, bab andum-andum iku, ana sawetara kadang kita kang duwe panemu kang beda-beda. Ana kang ambiyantu dikantheni watesan kanggo sedya supaya nggampangake kapentingane awake dhewe. Ana sing biyantu jalaran nyumurupi bisa antuk pikoleh gedhe kanggo dhiri pribadi, ora linandhesan rasa tulus.
Ayo para kadang kinasih, aja ngulur-ulur lamun pancen duwe sedya gawe kabecikan mring liyan, wujudna krenteging driya Gusti Kang Maha Wikan bakal mirsani senadyan isih ing jroning nala. Eling Gusti ora sare!
Sumangga!
JM, gagat bangun, 20620
denng eNPe
Komentar
Posting Komentar