TETIRAH
Me-time utawa tetirah iku bisa migunani ngleremake ati nyuda jibege batin lan nambahing semangat urip.
Klawan mundur dhiri sedhela saka umyeking keramean, tumraping jiwa lan salira bisa pulih maneh ing tembe bisa bacutake jejibahan darmane ing pagawean, ing pasrawungan masarakat, kulawarga lan bangsa.
Rasa bingung lan kuwatir asring tinemu jroning atine manungsa, apamaneh yen ngadhepi karo bab nasibe panguripan kang sarwa ora pesthi. Coba kita minggir sedhela saka ing pagawean saben dinane, tetirah nyepi saka pakulinan-pakulinan saprelu ngenepake pikir karo dedonga nyuwun panuntun lan pepadhang marang Pangeran Gusti Kang Maha Wikan. Krana mangkono yakin lan pracaya dene Gusti Allah bakal paring jembaring ati lan pikir. Kita bisa nyumurupi dene sumbering kakuwatan pinangkane hamung saka Gusti Allah piyambak. Wusanane kita bisa pikoleh semangat maneh kanthi bingaring ati.
Tetirah ora kudu nyingkur sing adoh, bisa metu sedhela menyang ing warung ngopi, ngeteh karo udud. Yen rada abot kang dadi sanggane pikiran bisa njupuk cuti/prei njur piknig karo kulawarga, kabeh mau prayoga disengkake wektu kanggo tetirah murih bisa nyaranani gegayuhan semangat urip kang luwih jembar.
Sumangga!
JM, sandyakala, 5620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar