AYWA GIRIS

    kapacak uga ing :

Aywa giris ngandharake kasunyatan
aywa meneng lamun ana kacurangan
Awit kajujuran kang dikersaake Pangeran
maring plethek kita ing pangucapan

Aywa giris ngakoni kaluputan
aywa upaya nganggep bener dhewe 
iku ajining dhiri ing pangayunane Gusti
uga ing pandulune sapepadha

Aywa giris ngandharake panemu "ora!" 
lamun sira kabujuk ing seksi goroh 
Aywa kapilut bebujuk kang nora pinuji
wanya nampik klawan nyata.
 
JM, poncoting juni rongèwurongpuluh
           dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊