SAMUBARANG ANA PUNGKASANE
Sajrone urip elinga marang kang nitahake sliramu, sadurunge tumeka wancine lan ing wektu sing njalari sliramu clathu, "Aku wegah urip."
Yakuwi samasa sumorote srengenge, rembulan lan lintang-lintang dadi remeng-remeng kanggone sliramu, lan udane ora tingkas-tingkas.
Ing mangsa kuwi tangan sing kokenggo ngreksa awakmu bakal buyuten, lan sikilmu sing saiki rosa bakal dadi ringkih. Untumu bakal mung kari sawetara, mula ora bisa kanggo mamah panganmu, sarta mripatmu wis ora awas kanggo ndeleng.
Sliramu bakal sumingunen munggah ing panggonan sing dhuwur, lan lakumu bakal sempoyongan. Rambutmu bakal putih mabluk, lan lakumu bakal karo rambatan. Sliramu bakal ora duwé pepénginan apa-apa meneh. Sliramu bakal digawa menyang papan pengasoanmu sing pungkasan, lan sedalan-dalan ditangisi
Samubarang iku ana pungkasane kabeh sing kelakon ing donya iki kelakone ing wektu sing katetepake dening Gusti Allah.
Panjenengane sing netepake wektune wong nandur lan wektune wong mbedhol tanduran mau.
Kita kabeh padha didadar dening Gusti Allah, kanggo nelakake yen satemene kita iki ora luwih becik tinimbang kewan.
Ya kepriyea bae nasibe manungsa ora beda karo nasibe kewan. Loro-lorone padha ngalami pralaya. Sakaro-karone padha kaparingan urip. Manungsa ora luwih unggul tinimbang kewan, sebab samubarang kabeh kuwi ana titi-wancine leren. Sakarone bakal bali dadi lebu.
Mulane sadurunge panetepan mau tumeka ing titi-wancine, prayoga kita isi tumindak kabecikan klawan tansah caosa puji sokur marang Pangeran kanthi nyenyuwun muga tansah kinanthi urip kita ing dalan kang bener kasingkurna saka ing panggodha lan bebaya nir baya nir sambekala.
Sumangga!
JM, bangun esuk, 3620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar