PANGAREPAN KAANTU


Tumapaking warsa rong ewu rong puluh
Kukuh nggonku ngadeg, pangarepan kaantu
dak pecaki satleraman panduluku wutuh
nabastala ndhedhet gumawang ing kalbu

Sawijining janma datan keksi
gawe horeg gonjang-ganjing sadonya 
Jroning sabrebetan sinawang nggegirisi
kasangsaran warata salumahing arcapada

Limang wulan lumaku
duhkita tinemu ing ngendi-endi
Apa karepe, apa hikmahe iku
binabar ing tengahing pra titah sami

Payo pra umat salumahing jagad raya
saiyeg sayekti anyengkuyung samya
paraganing kasehatan pahlawan bangsa
jejibahan ngurbanken jiwa raga

 JM, lingsir wengi, 23620
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN