DONGENGE MANUK JALAK

 kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2721877568091363&id=1684548218490975 

 
Nalika wiwitan wanci ketiga, ana manuk Jalak ngrasakake kepanasen, banjur ngluputake alam sakiwa tengene sing wus rusak.
 
Jalak njur netepake arep ninggalake panggonan sing wis suwe dadi padunungane, mabur adoh mengalor sing jare kondhang hawane adhem lan seger. Lon-lonan Jalak ngrasakake hawa adhem, sangsaya mengalor sangsaya adhem, si Jalak tambah semangat mabur saya ngalor.
 
Saking dene kadereng napsu, dheweke ora ngrasake swiwine ketemplekan salju. saya suwe saya kandel. Wusanane si Jalak ceblok ing lemah marga sakojur awake kabuntel salju lan ing lemah mau swiwine saya ketambahan salju sing nemplok. 
Si Jalak klepek-klepek ora bisa apa-apa, ngira yen wus cuthel uripe. Dheweke sesambat ngadhuh-adhuh nggelani nasibe

Krungu swara sesambat, sawijining Kebo lagi liwat njur nyedhaki. Nanging si Jalak kuciwa kenapa sing teka mung Kebo, si Jalak ngusir Kebo lunga adoh. Lan Jalak celathu yen sato kewan kang bodho iku ora bakal bisa nulungi dheweke. Kebo meneng bae tetep ngadeg ing kono, nuli nguyuh pas ngenani Jalak. Hohoho... si Jalak saya nesu lan muring-muring ngunek-uneke Kebo. 
Kebo panggah ora ngomong, dheweke maju meneh salangkah lan nelek, teleke pas nibani si Jalak. Sanalika iku si Jalak ora bisa ngomong merga kurugan telek Kebo. Si Jalak mung bisa batin, "Kurang ajar kowe Kebo!..". Si Jalak ngira yen bakal mati ora bisa ambegan.

Nanging alon-alon Jalak ngrasake awake krasa anget, salju sing kenthel ing wulune leleh merga saka angete telek Kebo, dheweke wiwit bisa ambegan lega, lan bisa nyawang padhange langit. Si Jalak bengok kasenengan nyanyi ngoceh nganti sakmareme.

Keprungu ana manuk nyanyi-nyanyi, sawijine Kucing nyedhaki sumbering nyanyian mau, tangane ngranggeh-ranggeh awake si Jalak nuli di dilati ngelus-elus nganti resik turahan salju sing isih nemplek ing wulune Jalak. 
Bareng wulune wis resik si Jalak nyanyi lan jejogetan kasenengan ngira yen oleh kanca sing apik atine.
 
Ananging kocapa apa sing kedadean, sanalika si Jalak ngrasake donya peteng ndhedhet lan cuthel uripe si Jalak di untal dening Kucing.

Saka dongeng mau bisa kapethik pepeling :
 a. suket ing pekarangan tanggane katon luwih ijo, durung temtu cocok kanggo kita
 b. becik alane apa sing katon, aja didadeke mung siji-sijine sarana pambijen
 c. apa kang maune krasa pait lan ora enak, kadhang kala bisa mbalik njalari berkah  sing nyenengake, mangkono uga suwalike
 d. nalika kita nampa kanikmatan aja nglalekake lan kesusu napsu supaya ora kebablasan.
 e. waspadaa mring wong kang ngumbar janji-janji manis

JM, madya ratri, 29620
       dening eNPe 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN