PASEDULURAN SEMU

 
Wiwit esuk Kenari wus rebyeg ing pawon, dheweke lagi nyepakake panganan kanggo pasugatan bakal tekane kanca rakete loro yaiku Gagak lan Dara.

Kenari kepingin nampa kanca-kancane loro mau klawan apik lan suka-rena.
Sawuse panganan cemepak kabeh nuli Kenari reresik lan nata omahe.
 
Ngarepake awan, Dara teka.
Kenari bagekake Dara kanthi rena, manggake Dara tumuju meja dhahar.

Let sedhela Gagak teka, Kenari uga bagekake Gagak klawan rena lan manggake tumuju meja dhahar kembul bareng Dara.
Telu-telune ngrahapi pasugatan kang wus cemepak katon ndemenake.

“Wah, Kenari.. omahmu peni banget!,” pangaleme Gagak nalika nyawang omahe Kenari sing pancen peni banget.
Kenari rada-rada isin : "Ahh lumrah bae Gagak, aku pancen reresik lan nata saben dinane"
"Oo mulane omahmu katon endah lan peni. Kejaba omahmu peni, wulumu uga endah banget!", bacute Gagak.

Ing kono Dara mung meneng bae lagi ngrahapi pasugatane Kenari sing enak banget.
Gagak mbacutke : "Jarene kewan-kewan ing alas suaramu uga merdhu. Kabeh padha ngrungoke nyayianmu ing wanci esuk. Iba sampurnane awakmu iki!"
"Aja kaya mangkono ta, miturutku saben kewan duwe kaluwihan dhewe-dhewe! Iya ta Dara?" pitakone Kenari menyang Dara.
Dara mung mesem bae karo nggayemi nyomak-nyamuk cangkeme.

Kenari, aku kepingin ngrungoke suwaramu. mBok coba nyanyia kanggo kita" panjaluke Gagak.
 
Tetelune sabanjure ngenteke wektu nyanyi bebarengan. Nalika dina saya sore, Gagak lan Dara pamitan mulih.

Ing ngarep omahe Kenari nguntapake kanca-kancane.
Ing satengahe laku Gagak wiwit celathu. 
"Miturutku omahe Kenari ora patiya peni. Warna wulune uga ora apik-apik banget. Apa meneh swarane gawe kuping panas!" memadane si Gagak.
 
Dara mung meneng bae.
"Piye miturutmu, Dara?", takone Gagak. 

"Miturutku, omahe Kenari pancen peni, resik lan katon endah. Omahku ora peni kaya omahe Kenari. Warna wulune uga endah, apa maneh suwarane merdhu banget!" wangsulane Dara.

We lha lha, Gagak kisinan. Jebulane Dara ora seneng karo patrape Gagak kang lelamisan. Ing sangarepe Kenari, Gagak ngalem-alem, nanging ing mburine Kenari, Gagak memada ngala-ala. Nuli Dara enggal mak klepat mabur ninggalake Gagak dhewekan.

Crita pasemon ing ndhuwur ngemu piwulang kang werdine, kekancan / paseduluran semu. Aja kaya Gagak kang senengane lelamisan, kita bisa-bisa disingkuri kanca lan kadang, kadyadene si Gagak kang njur ditinggal mabur dening Dara mau
 
JM, ndungkap esuk, 27620
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN