RATRI
Iba endah cahyeng ratri
kang nyunari jagad rat;
eseming sasadara katon peni
pra jalma kasinungan sih rahmat
Duk bumi kinemulan ratri,
pra jalma aneng tilamrum,
angaso sing darmaning sami
lereming driya den udi sadarum
Jroning nendra gumelar ngegla
wewayangan endah solahing janma
rumeksa ing pakaryan samya
jebul hamung ing alam sumpena
JM, lingsir wengi, 7620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar