PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2702083296737457&id=1684548218490975
Sawernane manuk tan nate anyebar,
ngeneni utawa nandho andhungan,
ewa dene Gustimu ing Suwarga,
ngingoni pra manuk sadina-dina.
Pasrah-sumarah mring Gusti,
pangauban kang sejati.
Uripmu tansah rinimat,
wit Gusti gunging sih rahmat.
Waspadakna makluk wrata,
karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira
pinaringan ing sacukupnya
Tansaha ulah kabecikan,
dhemen aweh pitulungan,
yeku pratandhaning sokur
mring sihing Allah Maluhur
JM, bangun esuk, 6620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar