BU GURU > < MURID-MURID NDHUGAL


Saknalika kelas cep klakep, nalika ibu Guru Basa Jawa sing galak diwedeni mlebu ruang kelas.
 
Murid-murid : "Sugeng enjing ibu guru..!!"
Bu Guru : "Kenapa sugeng enjing, saiki wis awan.!"
Murid-murid : "Sugeng siang Bu Guru!"
 
Bu Guru : "Iya wis wis, padha lungguh! 
Dirungokna kabeh ya, dina iki ibu arep nguji kowe kabeh bab TEMBUNG KOSOK-BALI (> <). Yen ibu nyebut tetembungan, kowe kabeh kudu cepet-cepet mangsuli, wis ngerti anak-anak?" 

Murid-murid : "Sampun ngertos Bu guru.!." 

Guru : "Pinterr!"
Murid-murid : "Bodhoo!"
Guru : "Dhuwur!"
Murid-murid : "Cendhek!"
Guru : "Adoh!"
Murid-murid : "Cedhak!" 
 
Rada sawetara ibu guru meneng karo mikir, banjure ngendika meneh..

Guru : "Santosa!"
Murid-murid : "Menang!"
Guru : "Salah iku!"
Murid-murid : "Bener iki!" 

Guru (MRENGUT) : "Bodho!"
Murid-murid : "Pinter!"
Guru : "Dudu!"
Murid-murid : "Iya!"
Guru  (wiwit ngelu): "Oh Gusti!!"
Murid-murid : "Ho Setan!!"
Guru : "Rungokna iki..."
Murid-murid : "Emoh iku.."
Guru : "Menenga kabeh..!!"
Murid-murid : "mBengoka dhewe..!!!"
Guru : "Iku dudu pitakonan, bodho!!!!"
Murid-murid : "Iki iya wangsulan, pinter!!"
Guru : "Mati aku!!"
Murid-murid : "URIP kita!!"
Guru : "Dak gebug penjalin lagi ngrasakna!!"
Murid-murid : "Kita elus-elus ngang..eng.. nganggo tangan marem rasane...hemm.. !!" 

Guru : "Wegah aku mulang kowe kabeh!.."
Murid-murid : "Sregep kita sinau Bu Guru!..."
Guru : "Padha edan kabeh!!"
Murid-murid : "Kita waras saperangan!.."
Guru : "Cukup!! Cukup!!"
Murid-murid : "Kurang! Kurang!"
Guru : "Wis!!  Wis!!", karo mripate mentheleng.
Murid-murid : "Durung!! Durung!!"
Guru : "Kenapa kowe kabeh dha bodho banget ??"
Murid-murid : "Sabab kita iki pinter-pinter.."
Guru : "Oh!! Nglawan ya!!"
Murid-murid : "Ho!! ngalah ora!!"
Guru : "Kurang ajar!!!"
Murid-murid : "Cukup mulang!.."
Guru : "Sial aku!..", ,, karo malangkerik
Murid-murid : "Begja kowe!.."
... bu guru meneng sedhela... , heem..

Guru (judheg) : "OK. Wulangan wis rampung!!"
Murid-murid : "KO. Pasinaon durung wiwit!!"
Guru : "Kowe kabeh, GOBLOK!!!" saking jengkele.
Murid-murid : "Kita, pinter dhewe!!"
Guru : "Ngadeg!!"
Murid-murid : "Lungguh!!"
Guru : "Eidan kowe iki!!"
Murid-murid : "Waras kita iku!!"
Guru : "RUSAAK RUSAK!!.."
Murid-murid : "BENERR BENER!!.."
Guru  (tambah Stresss) : "Kowe kabeh disetrap awan iki!..!!"
Murid-murid : "Kita dibebaske tengah wengi mengko..!!
Guru : "Amit2 jabang bayii..!"
Murid-murid : "Ya ben wong tuwa!!."

Pasuryane bu Guru katon abang-ireng ngempet muntap duka, tanpa ngendika apa-apa nyaut buku-bukune terus metu ruang kelas.
Murid-murid seneng lan mongkog atine merga rumangsa bisa mangsuli kabeh pitakone bu guru.... 
"Horeee kita pinter kabeh..!", murid-murid mbengok bareng (dhasar murid-murid padha ndhugal).
 
Wulangan basa Jawa rampung semene dhisik ya! ben ora stress!. Ayo mesem! 😃😄😊
 
JM, eningcipta, 25620 
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN