NUNGGANGA PRAU LAYAR


Ana prau layar margi raharja,
Gusti kang dadi Juru mudhi nira;
sapa kang arep uwal king cintraka,
nungganga ing prau ne mesthi waluya.

Nungganga prau layar! mara nungganga!
Aywa wedi ing ombak saliring prahara;
de prau ne Gusti mesthi datan kentir,
mesthi slamet lakune. Mula aywa kuwatir!. 
 
He pra bangsa aywa kuwur ing driya
pasraha sakabehing karupegan atinira
Tumungkul lan sujuda mring Pangeran
samubarang kuwatirira badhea linuwaran.
 
JM, madya ratri, 18620
      dening eNPe
 
Ada prau layar jalan keselamatan
Tuhan yg jadi Juru mudimu
Siapa bakal terhindar dari malapetaka 
naiklah ke perahu Nya pasti selamat. 
 
Naiklah prahu layar! Mari naiklah! 
jangan takut ombak dan segala prahara
dengan praunya Tuhan pasti takkan hanyut
pasti selamat jalannya. Maka jangan takut! 
 
He seluruh bangsa jangan takut di hati
serahkan seluruh kegelapan hatimu 
Tunduk dan bersujudlah kepada Tuhan
segala kekuwatiranmu bakal disingkirkan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN