MURID NDABLEG
MURID SOK GANTHENG
(guyonan sacandhake)
Ing joning kelas bu guru isih enom lan ayu sulistya nalika wis arep bubaran mulih sekolah, kacarita mengkene,
Bu Guru : "Sadurunge padha mulih apa ana sing arep takon?"
Jodi : "Kula bu Guru!"
Bu Guru : “Iya, apa pitakonmu?"
Jodi : "Menapa ibu Guru kersa dados yayang kula?"
"Huuuu huuuuu...!!!??", murid2 liyane bengok bareng.
Bu Guru : "Hahh?! bocah kurang ajar kaya kowe dadi yange ibu? Huwek! Gak pantes le le!"
Jodi : "Lajeng tiyang gantheng kados kula niki pantese dados yange sinten bu?"
Bu Guru : "Kowe iki encen bocah ndugal.., kurang ajar banget! Sekolah iku sing bener! Sinau sing temenan!
Kowe ki duwe cita-cita apa ora sih!?"
Jodi : “nggih gadhah ta Bu..”
Bu Guru: “Apa cita-citamu?”
Jodi : "Sek riyin, cita-cita kula pingin dados pilot, ning sareng mlebet sekolah lan kepanggih Ibu, cita-cita kula owah pingin damel bagya Ibu guru...", sumaure Jodi nekad.
Sanalika murid liyane bengok, "Huuu... huuu.. ngilo ngilo Jod..!!
Bu Guru : "Jodi...!! Kowe nek isih nggodha Ibu terus, Ibu arep ngundang Kepala Sekolah!"
Jodi : "Ih boten ngaten Bu, undang Mas mawon kersane langkung mesra... hehe heheee.." wangsulane karo cengengesan.
Bu Guru: “Dhuh Gusti !!” (lemes manja)
======
ORA SIKATAN UNTU
Si Bimo, murid Sekolah Dhasar kelas siji, kejaba juara kelas rangking siji ing kelase dheweke uga cukup bagus rupane.
Nanging emane, si Bimo duwe pakulinan elek sing mung di ngerteni dening kanca-kancane sakelas. Pakulinan iku yaiku dene si Bimo kerep banget ora nyikat untune.
Sawijining dina, ibu guru ya sang wali kelas lagi memulang.
Ibu Guru (karo meneng sedhela) "Bimo, mau esuk ora nyikat untu ya!?"
(Iba kagete si Bimo. Dheweke mikir, kira-kira sapa ya sing crita nang ibu Wali Kelase bab pakulinanku iki)
Bimo : "Kok Ibu saged pirsa?"
Ibu Guru (karo mesem) : "Coba delengen, ana turahan sayur ing untumu."
Bimo krungu ngendikane ibu Guru terus bengok katon seneng : "Menawi ngaten, ibu lepat. Wau enjing kula sarapan sekul goreng ngangge ndhog dadar. Wekasan kula nedha sayur mpun tigang dinten kepengker!"
Wahh.., apa tumon bocah kok kemprohe nemen... tobiiil.. tobil.
Haha hahahaaa.... ayo ngguyu! ngguyu meneh .... eit jok lali maskeran ben rak ketok untumu!
JM, bangun esuk, 24620
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar